ETIKA TRADHISI SAJRONE SERAT SUKTINA WYASA (TINTINGAN FILOLOGI)

  • PUPUT AYUNINGTIAS
  • BAMBANG PURNOMO

Abstract

Serat Suktina Wyasa mujudake salah sawijine reriptan sastra kang tuwuh sajrone pangrembakane sastra Jawa Klasik kang awujud naskah. Gegambaran kang cetha saka tumindake paraga kang dadi pangarsa praja lumantar lelana ngideri desa, banjur menehi pitulungan tumrap bebrayan kang ngalami pacoban. Sakehe lelakon kang diadhepi nalika lelana nuwuhake rasa kawigatene tumrap panguripane wong cilik. Senajan pangarsa praja mau lagi sedhih batine, nanging pamikire bisa owah sawise nindakake laku batin mau.Mawas andharan mau, nuwuhake underane panliten sajrone Serat Suktina Wyasa, yaiku (1) kepriye dheskripsi naskah?, (2) kepriye suntingan lan terbitan teks?, (3) kepriye wujud etika tradhisi?, lan (4) kepriye aktualitas etika tradhisi ing jaman saiki?. Panliten kanthi objek naskah iki nggunakake pamarekan filologi modern kanggo mbiyantu nindakake transliterasi Serat Suktina Wyasa kanthi metodhe edhisi standar. Ancangan ing panliten iki nggunakake metodhe analisis deskriptif kualitatif lan teori hermeneutika kanggo napsirake isine naskah. Sumber dhatane panliten iki yaiku teks basa Jawa sajrone Serat Suktina Wyasa. Dhata panlitene arupa cuplikan-cuplikan sajrone teks Serat Suktina Wyasa kang ana sesambungane karo underane panliten. Cara ngumpulake dhata nggunakake teknik kapustakan, dene cara nganalisis dhata nggunakake teknik analisis deskriptif.Asile panliten iki nuduhake yen Serat Suktina Wyasa ngandhut pirang-pirang wujud etika tradhisi kang katindakake dening paraga wayang purwa nalika nglampahi sakehe pacoban uripe. Wujud tumindake paraga Wyasa mau gegayutan karo kalungguhane manungsa minangka makhluk indhividu lan makhluk sosial. Asile panliten tinemu wujud etika tradhisi kang kaperang dadi lima, yaiku etika tradhisi tumrape dhiri pribadi, etika tradhisi tumrape Gusti, etika tradhisi tumrape Negara, etika tradhisi tumrape Wong Cilik, lan etika tradhisi tumrape Alam. Kejaba bab mau, asile panliten iki uga ngandharake aktualitas etika tradhisi ing jaman saiki. Saperangan ana kang isih diugemi lan ana kang nyebal saka etika, yaiku kawawas lumantar pawarta ing internet lan kalawarti. Wujud aktualitas etika tradhisi kang isih laras nganti saiki kayata sepi ing pamrih, asih marang pamomonge, andhap asor, nggedhekake tapa brata, tulung tinulung, wigati marang wong cilik, lan njaga alam kanthi nganakake bersih desa.Tembung wigati:etika tradhisi, aktualitas, Serat Suktina Wyasa
Published
2018-12-18
How to Cite
AYUNINGTIAS, P., & PURNOMO, B. (2018). ETIKA TRADHISI SAJRONE SERAT SUKTINA WYASA (TINTINGAN FILOLOGI). JOB (Jurnal Online Baradha), 5(5). https://doi.org/10.26740/job.v5n5.p%p
Section
Articles
Abstract Views: 37
PDF Downloads: 21