RASA KUWATIR SAJRONE NOVEL LEDHEK SAKA ERENG-ERENGE GUNUNG WILIS ANGGITANE TULUS S (TINTINGAN PSIKOANALISIS SIGMUND FREUD)
DOI:
https://doi.org/10.26740/job.v6n1.p%25pAbstract
Sakabehe manungsa nduweni pepenginan utawa id. Pepenginan kasebut bisa kasembadan lumantar ego lan bisa dijaga lumantar superego. Saka katelu kapribaden kasebut bisa nuwuhake masalah kapribaden ana ing kajiwane manungsa. Novel kanthi irah-irahan Ledhek saka Ereng-erenge Gunung Wilis kang kacekak LSEGW, nyritakake lelakone paraga utama Lastri kang nduwe masalah kajiwan awujud rasa kuwatir. Rasa kuwatir kasebut tuwuh amarga sajrone pepenginan utawa id, ego, lan superego ora laras lan ora sadalan. kadadeyan kasebut ndadekake rasa katentremane Lastri antuk tekanan lan ndadekake Lastri kadunungan masalah kajiwan. Dheweke nggunakake cara kanggo ngatasi rasa kuwatir kasebut kanthi cara mekanisme pertahanan ego. Adhedhasar landhesan kasebut, underan panliten iki yaiku: (1) kepriye wujud struktur kapribaden, (2) wujud masalah kajiwan arupa rasa kuwatir (3) mekanisme pertahanan ego sajrone novel LSEGW anggitane Tulus Setiyadi. Tujuwan saka panliten ngandharake (1) struktur kapribaden (2) wujud masalah kajiwan rasa kuwatir (3) upaya paraga nggunakake mekanisme pertahanan ego sajrone novel LSEGW anggitane Tulus Setiyadi. Dene paedah saka panliten yaiku nambahi kawruh tumrap pamaca, ngrembakake kritik analisis sastra mligine ana ing kajian psikologi sastra, sarta asile panliten diajab bisa kanggo seserepan ilmu sabanjure. Teori kang digunakake sajrone panliten iki yaiku teori psikoanalisis Sigmund Freud. Panliten iki kalebu panliten kwalitatif kang nggunakake metodhe analisis dheskriptif . Sumber panliten kang digunakake yaiku dhata primer kang arupa novel LSEGW anggitane Tulus Setiyadi, dene dhata sekunder kanggo nintingi novel kasebut yaiku teori psikoanalisis Sigmund Freud. Dhata panliten iki yaiku pethikan ukara, swasana, lan kadadeyan. Dene tata cara nglumpukake dhata yaiku kanthi teknik pustaka, maca, cathet lan klasifikasi. Analisis dhata ditindakake kanthi cara nintingi struktur kapribaden, masalah kajiwan arupa rasa kuwatir lan mekanisme pertahanan ego paraga. Banjur nggawe dudutan saka sakabehing analisis dhata. Asil saka panliten kang kapisan bisa didudut yen paraga Lastri minangka paraga kang nduweni superego kang kuwat amerga nengenake kasunyatan lan kautaman ana ing panguripane senadyan akeh banget tekanan kang ngincim kajiwane. anane kontrol sosial uga mangaribawani id-e supaya bisa dikendhalekake dening superego. Sesambungan id klawan ego lan superego nuwuhake asil kang kapindho. Asil kapindho yaiku masalah kajiwane Lastri kang arupa rasa kuwatir. Rasa kuwatir kaperang dadi telu yaiku rasa kuwatir neurotis, moral, lan realistis. Rasa kuwatire Lastri kang paling onjo yaiku rasa kuwatir neurotis. Lastri ora yakin lan ora manteb marang pamikiran lan lakune dhewe. Mula bisa nyrimpeti laku panguripane lan nuwuhake telung rasa kuwatir mligine rasa kuwatir neurotis. Rasa kuwatir neurotis kaperang dadi telung perangan yaiku rasa bingung, sumelang lan sedhih. Asil panliten Katelu, kanggo ngatasi rasa kuwatir supaya ora kedlarung-dlarung lan ora ngincim kajiwane, Lastri nggunakake cara mekanisme pertahanan ego kang kaperang dadi telu yaiku represi, proyeksi, rasionalisasi. Sistem kang paling onjo yaiku sistem proyeksi amerga Lastri bisa menehi gegambaran utawa panemu saka pamikirane kang kuwat supaya bisa ditrima dening wong liya. Tembung wigati: Rasa kuwatir, Neurotis, lan Superego.Downloads
Download data is not yet available.
Downloads
Published
2019-01-03
How to Cite
ROZZAQI, M., & DARNI. (2019). RASA KUWATIR SAJRONE NOVEL LEDHEK SAKA ERENG-ERENGE GUNUNG WILIS ANGGITANE TULUS S (TINTINGAN PSIKOANALISIS SIGMUND FREUD). Jurnal Online Baradha, 6(1). https://doi.org/10.26740/job.v6n1.p%p
Issue
Section
Articles

