LARA LAPA SAJRONE NOVEL SUMI ANGGITANE TIWIEK S A (Tintingan Sosiologi Sastra)

Authors

  • RIZKY PUTRA KESUMA
  • SRI SULISTIANI

DOI:

https://doi.org/10.26740/job.v6n1.p%25p

Abstract

Novel kanthi irah-irahan Sumi iki nyritakake kahanan lara lapa kang disandhang dening paraga sajrone crita. Sajrone novel Sumi anggitane Tiwiek S A iki ana prakara-prakara sosial kang ndadekake paraga sajrone novel Sumi iki nandhang lara lapa. Kahanan sosial awujud lara lapa bisa dionceki nganggo tintingan sosiologi sastra. Adhedhasar andharan kasebut underane panliten yaiku; (1) Kepriye kahanan lara lapa sajrone novel Sumi?; (2) Kepriye sebabe lara lapa sajrone novel Sumi?; (3) Kepriye upaya kanggo ngrampungi lara lapa sajrone novel Sumi?; (4) Kepriye gayutane lara lapa sajrone novel Sumi anggitane Tiwiek S A karo realitas sosial sajrone bebrayan? Mula ancase panliten iki; (1) Ngandharake kahanan lara lapa; (2) Ngandharake sebabe lara lapa; (3) Ngandharake upaya kanggo ngrampungi lara lapa; (4) Ngandharake gayutane lara lapa karo realitas sosial sajrone bebrayan. Paedah saka panliten iki yaiku; (1) Bisa nambahi kawruh sajrone pengkajian karya sastra; (2) Bisa menehi sumbangsih tumrap ilmu sastra Jawa modern ngenani sosiologi sastra; (3) Bisa kanggo bahan tetimbangan uga bahan pembandhing sajrone nindakake panliten kang nggunakake tintingan sosiologi sastra. Panliten iki nggunakake tintingan sosiologi sastra Ian Watt, kang ngandharake yen sosiologi sastra minangka kaca benggala kanggo masyarakat, sing ditliti yaiku sepira adohe sastra njlentrehake urip kang ana sajrone masyarakat, lan nduweni fungsi sosial sastra, sing ditliti yaiku sesambungan antarane nilai-nilai sosial kang nduweni daya pangaribawa tumrap karya sastra. Metode panliten iki nggunakake dheskriptif kualitatif. Sumber dhata kang digunakake yaiku dhata primer kang arupa novel kanthi irah-irahan Sumi, dene dhata sekunder yaiku artikel kang gayut karo kahanan lara lapa. Dhata sing digunakake sajrone panliten iki arupa tetembungan, ukara, wacana kang ana ing novel Sumi, banjur tata cara kanggo ngumpulake dhata kang digunakake ing panliten iki yaiku tenik studi pustaka. Asile panliten iki (1) Ngandharake kahanan lara lapa, kayata durung bisa mbayar es-pe-pe, dikunjara; (2) Ngandharake sebabe lara lapa kayata faktor Indhividhu (sikap, pendhidhikan, lan ekonomi), faktor sosial (difitnah lan diapusi wong liya); (3) Ngandharake upaya kanggo ngrampungi lara lapa, kayata ngadol dhipan, golek utangan, lan minggat; (4) Ngandharake gayutane lara lapa sajrone novel karo realitas sosial sajrone bebrayan. Tembung wigati : Lara lapa, Sosiologi, Sosiologi Sastra

Downloads

Download data is not yet available.

Downloads

Published

2019-01-15

How to Cite

PUTRA KESUMA, R., & SULISTIANI, S. (2019). LARA LAPA SAJRONE NOVEL SUMI ANGGITANE TIWIEK S A (Tintingan Sosiologi Sastra). Jurnal Online Baradha, 6(1). https://doi.org/10.26740/job.v6n1.p%p

Issue

Section

Articles
Abstract views: 58 , PDF Downloads: 38