MAJAS PERBANDINGAN, PENEGASAN, LAN SINDIRAN SAJRONE ANTOLOGI GEGURITAN LAYANG SAKA KEKASIH ANGGITANE R. DJOKO PRAKOSA (Tintingan Stilistika)
DOI:
https://doi.org/10.26740/job.v6n1.p%25pAbstract
Antologi geguritan Layang Saka Kekasih anggitane R. Djoko Prakosa minangka karya sastra kang endah, mligine ngenani permajasan. Underan panliten, yaiku: (1) kepriye wujud majas perbandingan sajrone antologi geguritan Layang Saka Kekasih anggitane R. Djoko Prakosa? (2) kepriye wujude majas penegasan sajrone antologi geguritan Layang Saka Kekasih anggitane R. Djoko Prakosa? (3) kepriye wujud majas sindiran sajrone antologi geguritan Layang Saka Kekasih anggitane R. Djoko Prakosa? Mula ing panliten iki bakal dianalisis nggunakake tintingan stilistika. Stilistika minangka ilmu kang nliti panganggone basa lan lelewane basa sajrone karya sastra. Panliten iki nggunakake teori-teori kang gegayutan karo lelewane basa. Teori kang wigati sajrone panliten iki yaiku nengenake ngenani permajasan. Metode kang digunakake sajrone panliten iki yaiku metode deskriptif kualitatif. Sumber dhata sajrone panliten iki yaiku arupa antologi geguritan Layang Saka Kekasih anggitane R. Djoko Prakosa. Dhata sajrone panliten iki yaiku awujud tembung-tembung lan ukara-ukara kang ngandhut anane majas sing digunakake dening penggurit. Dhata-dhata kasebut dikumpulake kanthi teknik maca, nyimak, cathet, lan nglasifikasi. Teknik analisis dhata sajrone panliten iki nggunakake teknik analisis deskriptif. Asile panliten nuduhake majas perbandingan sajrone antologi geguritan LSK ngemu 11 majas perbandingan, yaiku majas personifikasi, depersonifikasi, metafora, alegori, hiperbola, litoses, simile, hipalase, eponim, simbolik, lan anantomasia. Banjur majas penegasan ana 4 majas, yaiku majas pleonasme, repitisi, retoris utawa erotesis, lan aferesis. Dene kang pungkasan yaiku majas sindiran ana 2 majas yaiku majas ironi, lan sinisme. Kata kunci: majas perbandingan, majas penegasan, majas sindiran utawa pasemon.Downloads
Download data is not yet available.
Downloads
Published
2019-01-15
How to Cite
SOFFAN HADI, R., & SURANA. (2019). MAJAS PERBANDINGAN, PENEGASAN, LAN SINDIRAN SAJRONE ANTOLOGI GEGURITAN LAYANG SAKA KEKASIH ANGGITANE R. DJOKO PRAKOSA (Tintingan Stilistika). Jurnal Online Baradha, 6(1). https://doi.org/10.26740/job.v6n1.p%p
Issue
Section
Articles

