PRESUPOSISI ING WACANA BASA NJALUK PANGAPURA ING DESA BICAK, KECAMATAN TROWULAN, KABUPATEN MOJOKERTO
DOI:
https://doi.org/10.26740/job.v6n1.p%25pAbstract
Presuposisi ing basa Jawa wis tau ditliti nanging asil panliten kang mligi lan rinci ngenanipresuposisi ing wacana basa isih durung tau ana. Presuposisi ing wacana basa njaluk pangapura ing Desa
Bicak, Kecamatan Trowulan, Kabupaten Mojokerto mujudake pangira-ira kang tuwuh ing tuturan njaluk
pangapura kang dituturake dening warga Desa Bicak. Adhedhasar bab kasebut, panliten iki dipunjerake
ngenani presuposisi ing wacana njaluk pangapura. Dene undere panliten iki, yaiku: (1) jinise presuposisi
ing wacana basa njaluk pangapura ing Desa Bicak, Kecamatan Trowulan, Kabupaten Mojokerto, (2) Pola
wujud presuposisi ing wacana basa njaluk pangapura ing Desa Bicak, Kecamatan Trowulan, Kabupaten
Mojokerto, lan (3) Asile proses presuposisi ing wacana basa njaluk pangapura ing Desa Bicak, Kecamatan
Trowulan, Kabupaten Mojokerto. Tujuwan panliten iki yaiku ngandharake lan njlentrehake jinis, pola
wujud lan asile presupsosisi ing wacana basa njaluk pangapura ing Desa Bicak, Kecamatan Trowulan,
Kabupaten Mojokerto.
Panliten iki kalebu panliten etnografis komunikatif. Dhata sajrone panliten iki yaiku wacana basa
njaluk pangapura, dene sumber dhata panliten iki yaiku pacaturane warga Desa Bicak kang nggunakake
basa Jawa.
Teori kang digunakake kanggo ngandharake lan jlentrehake dhata yaiku teori presuposisi. Dhata
kasebut saka asil nyemak lan nyathet tuturan njaluk pangapura kang dituturake warga desa Bicak.
Sabanjure, dhata kasebut dijlentrehake nganggo metodhe padan pragmatis. Jinise presuposisi ing wacana
basa njaluk pangapura ing Desa Bicak, Kecamatan Trowulan, Kabupaten Mojokerto ana 5 jinis presuposisi.
Pola wujud presuposisi ing wacana basa njaluk pangapura ing Desa Bicak, Kecamatan Trowulan,
Kabupaten Mojokerto ana 3 wujud. Asile proses presuposisi ing wacana basa njaluk pangapura ing Desa
Bicak, Kecamatan Trowulan, Kabupaten Mojokerto ana 2 asil presuposisi.
Tembung wigati: Presuposisi, Wacana Basa Njaluk Pangapura
Downloads
Download data is not yet available.
Downloads
Published
2019-01-21
How to Cite
M.ROBI, & PAIRIN, U. (2019). PRESUPOSISI ING WACANA BASA NJALUK PANGAPURA ING DESA BICAK, KECAMATAN TROWULAN, KABUPATEN MOJOKERTO. Jurnal Online Baradha, 6(1). https://doi.org/10.26740/job.v6n1.p%p
Issue
Section
Articles

