TRADHISI TURUHAN PUSAKA ING DESA NGLIMAN KECAMATAN SAWAHAN KABUPATEN NGANJUK (Tintingan Folklor)
DOI:
https://doi.org/10.26740/job.v6n1.p%25pAbstract
Tradhisi kalebu warisan budaya saka para leluhur kang nganti saiki isih dilakokake lan nduweni legendha,makna, lan tujuwan sing beda-beda. Babagan iki kaya dene ing Tradhisi Turuhan Pusaka kang nganti saiki isih
ditindakake dening warga desa Ngliman. Underan paliten iki yaiku: 1) Kepriye legendha makam Ki Ageng Ngaliman; 2)
Kepriye tata laku tradhisi; 3) Makna ubarampe apa sing ana ing tradhisi turuhan pusaka; 4) Apa pigunane; 5) Kepriye
owah-owahane TTP tumrap masyarakat.
Paedah panliten iki, yaiku: 1) Nambahi kawruh ngenani tradhisi utamane TTP; 2) Nglestarekake kabudayan
Jawa saka warisan cikal bakal TTP; 3) Kanggo dhokumentasi, mligine tumrap masyarakat Desa Ngliman ing babagan
kabudayan amrih tansah dijaga lan diuri-uri supaya bisa dimengerteni kabeh dhaerah saka sajabane Desa Ngliman; 4)
Owah-owahan diandharake kanggo mangerteni pambeda-pambeda kang ana sajrone TTP yaiku pambeda saka jaman
biyen nganti jaman saiki.
Tradhisi Turuhan Pusaka iki bakal ditintingi nggunakake tintingan folklor. Amarga Tradhisi Turuhan Pusaka iki
minangka folklor saperangan lisan kang ngrembug bab makna lan fungsi folklor kanggo masyarakat. Kanggo ndhudhah
masalah sajrone panliten iki kudu nggunakake teori lan konsep kang cundhuk karo masalah. Kanggo ngandharake
babagan makna nggunakake konsep makna simbolis yaiku teori semiotik Pierce. Owah-owahan nggunakake konsep
Koentjaraningrat. Fungsi nggunakake teori saka William R. Bascom lan Alan Dundes. Panliten iki uga nggunakake
ancangan kualitatif kanthi metodhe deskriptif. Metodhe lan teknik ngumpulake dhata ditindakake kanthi cara observasi,
wawancara, lan dhokumentasi. Yen tata carane ngolah lan nganalisis dhata yaiku panliti ngumpulake dhata, milah-milih
dhata, nglarifikasi dhata, banjur nganalisis dhata.
Legendha makam Ki Ageng Ngaliman ngasilake yaiku Tradhisi Turuhan Pusaka, tata laku tradhisi, ubarampe
kang digunakake yaiku tumpeng, pitik panggang, urap-urap, gedhang raja, jajan pasar, ambengan, kembang setaman,
menyan, maron, kain mori, lan obor. Sakabehing ubarampe nduweni makna tumprap masyarakat desa Ngliman. Tradhisi
turuhan pusaka nduweni piguna yaiku system proyeksi, pengesahe kabudayan, sarana pendhidhikan lan alat pengendhali
sosial. Owah-owahane tradhisi diperang dadi loro yaiku tata laku nindakake tradhisi lan ubarampe kang digunakake.
Banjur faktor kang njalari owah yaiku anane unsur anyar kang mlebu sajrone tradhisi turuhan pusaka.
Tembung Wigati : Legendha Makam Ki Ageng Ngaliman, Tradhisi Turuhan Pusaka
Downloads
Download data is not yet available.
Downloads
Published
2019-01-21
How to Cite
RENGGO ASRI, D., & SUSILO, Y. (2019). TRADHISI TURUHAN PUSAKA ING DESA NGLIMAN KECAMATAN SAWAHAN KABUPATEN NGANJUK (Tintingan Folklor). Jurnal Online Baradha, 6(1). https://doi.org/10.26740/job.v6n1.p%p
Issue
Section
Articles
Abstract views: 56
,
PDF Downloads: 84











