PAMILIHE TEMBUNG SAJRONE ANTOLOGI GEGURITAN WONG AGUNG GURIT PUNJUL RONG PULUH ANGGITANE BUDI PALOPO
DOI:
https://doi.org/10.26740/job.v6n1.p%25pAbstract
ABSTRAK
PAMILIHE TEMBUNG SAJRONE ANTOLOGI GEGURITAN WONG AGUNG GURIT PUNJUL RONG PULUH
ANGGITANE BUDI PALOPO
Jeneng : Luqman Yuda Ardinata
NIM : 12020114240
Prodi/Jurusan : S-1 Pendidikan Bahasa Dan Sastra
Daerah (Jawa)
Fakultas : Bahasa Dan Seni
Lembaga : Universitas Negeri Surabaya
Pembimbing : Dr. Murdiyanto, M.Hum
Taun : 2019
Guritan-guritan anggitane Budi Palopo kang ana sajrone antologi Wong Agung Gurit Punjul Rong Puluh nduweni titikan kang mligi tinimbang liyane utamane ngenani daya sosial, daya spiritual, lan pamilihe tembung sing dienggo. Punjere panliten iki yaiku pamilihe tembung kang dienggo dening juru gurit tumrap guritan sajrone antologi geguritan kasebut. Kanggo nemokake pamilihing tembung sajrone antologi geguritan kasebut kanthi dhasar kasebut underane panliten yaiku (1) carane juru gurit milih tembung, (2) tembung sing dipilih sajrone geguritan, lan (3) dayane tembung sing dipilih sajrone geguritan.
Teori kang dienggo sajrone panliten iki yaiku tintingan stilistika. Panliten iki klebu jinise panliten basa lan asipat dheskriptif. Sumber dhatane yaiku antologi geguritan Wong Agung Gurit Punjul Rong Puluh anggitane Budi Palopo. Dhata kang digunakake yaiku dhata kang awujud tembung, frasa, lan ukara kang ana sajrone antologi geguritan kasebut. Metodhe sajrone panliten iki nggunakake metodhe kuwalitatif dheskriptif.
Asil panliten ngenani pamilihing tembung, sajrone geguritan ing antologi Wong Agung Gurit Punjul Rong Puluh anggitane Budi Palopo diperang dadi telu, yaiku asile panliten kapisan ngenani carane juru gurit milih tembung, ana telu yaiku (1) konvensional, (2) inovatif, lan (3) uwal saka konvensi kang wis ana. Asile panliten kapindho yaiku ngenani tembung sing dipilih pangripta sajrone antologi geguritan kasebut ana loro yaiku (1) jinise tembung sing dipilih lan (2) sumber asale tembung sing dipilih. Tembung sing dipilih diperang maneh dadi telu, yaiku (1) tembung kang umum, (2) pocapan, lan (3) simbul. Dene sumber asale tembung diperang dadi telu, yaiku (1) basa padinan ,(2) basa manca, lan (3) basa kawi. Asil panliten katelu, ngenani dayane tembung sing dipilih dening Budi Palopo sajrone antologi geguritan kasebut ana papat, yaiku (1) daya kognitif, (2) daya sosial, (3) daya spiritual, lan (4) daya estetik. Daya sosial dipereng dadi loro, yaiku (1) sosial politik lan (2) sosial budaya. Banjur daya spiritual diperang dadi loro, yaiku (1) manungsa marang Pengeran lan (2) Pengeran maranga manungsa.
Tembung wigati : pamilihe tembung, guritan, stilistika
Downloads
Downloads
Published
How to Cite
Issue
Section
Abstract views: 97
,
PDF Downloads: 93











