STATUS SOSIAL SAJRONE KUMPULAN CERKAK EMAK, SAYAK LAN HEM KOTHAK-KOTHAK ANGGITANE ANJRAH LELONO BROTO (TINTINGAN SOSIOLOGI SASTRA)

Authors

  • MUFARRIZAL HAMMI
  • DARNI

DOI:

https://doi.org/10.26740/job.v6n1.p%25p

Abstract

Kumpulan Cerkak Emak, Sayak lan Hem Kothak-Kothak anggitane Anjrah Lelono Broto mujudake karya
sastra jawa modern kang ngandhut status sosial. Kumpulan Cerkak kasebut nyritakake sesambungan antarane manungsa
liyane ing tengah masyarakat kang diwujudake kanthi anane gegambarane masyarakat kang duweni kalungguhan sing
nengenake bab status sosial. Panliten iki nduweni ancas yaiku (1) ngandharake wujud ekonomi; (2) ngandharake wujud
pakaryan; lan (3) ngandharake wujud pendhidikan.
Asile panliten iki nuduhake yen kumpulan cerkak ESLHKK anggitane Anjrah Lelono Broto kalebu karya
sastra kang ngemot maneka aspek status sosial. Aspek-aspek status sosial kasebut nengenake wujud kalungguhane para
paraga tumrap lingkungan sosial sing ana sajrone crita. Wujud ekonomine paraga diperang dadi telung perangan yaiku
(1) sugih; (2) cukup; lan (3) kancingkrangan, dene pakaryan sajrone crita kaperang dadi papat perangan yaiku pegawe
swasta, pegawe negeri, pengusaha lan seniman. Asile panliten sabanjure nuduhake dene wujud pendhidikan kaperang
lima yaiku sekolah dasar, sekolah menengah pertama, sekolah menengah atas sarjana lan kursus.
Tembung wigati: status sosial, ekonomi, pakaryan, pendhidikan

Downloads

Download data is not yet available.

Downloads

Published

2019-01-22

How to Cite

HAMMI, M., & DARNI. (2019). STATUS SOSIAL SAJRONE KUMPULAN CERKAK EMAK, SAYAK LAN HEM KOTHAK-KOTHAK ANGGITANE ANJRAH LELONO BROTO (TINTINGAN SOSIOLOGI SASTRA). Jurnal Online Baradha, 6(1). https://doi.org/10.26740/job.v6n1.p%p

Issue

Section

Articles
Abstract views: 108 , PDF Downloads: 172