KONSTRUKSI RESULTATIF ING BASA JAWA
DOI:
https://doi.org/10.26740/job.v6n1.p%25pAbstract
Konstruksi resultatif ing basa Jawa minangka perangane makna lan isi sajrone semantik gramatikal. Konstruksiresultatif dicakake sajrone ukara kanthi tujuwan ngirit tembung. Sajrone basa Jawa, konstruksi resultatif lumrah
digunakake nanging ora nduweni jeneng sing mligi, mula panliten iki kalebu panliten sing mirunggan. Panliten iki uga
kalebu manjila amarga nduweni tata urutan sing mligi. Panliten ngenani konstruksi resultatif ing basa Jawa isih winates,
mligine ngenani perangan lan tata urutane. Mula saka kuwi panliten iki nduweni tujuwan kanggo ngandharake lan
njlentrehake tata urutan wujud, guna, lan kalungguhan sajrone perangan konstruksi resultatif. Asil panliten iki nduweni
paedah teoretis yaiku bisa aweh guna tumrap pangrembakane ilmu basa Jawa mligine semantik lan sintaksis. Dene
paedah praktise bisa nambahi materi pasinaon ing pawiyatan luhur.
Panliten iki nggunakake teori transformasi generatif. Tata makaryane teori transformasi generatif diperang dadi
telu adhedhasar triaspek sintaksis, yaiku wujud, guna, lan kalungguhan. Panliten iki kalebu jinis panliten dheskriptif
sing asipat sinkronis. Dhata lan sumber dhata sajrone panliten iki yaiku konstruksi resultatif ing basa Jawa awujud
ukara sing dijupuk saka kalawarti Jaya Baya taun 2015-2017. Dhata diklumpukake nganggo metodhe nyathet.
Tatacarane njlentrehake dhata nggunakake metodhe agih. Asile njlentrehake dhata disuguhake nggunakake metodhe
formal informal.
Asile panliten iki awujud tata urutan sajrone perangan konstruksi resultatif. Kanggo mbedakake ing antarane
perangan kasebut bisa dideleng saka wasesane. Adhedhasar andharan kasebut bisa didudut yen konstruksi resultatif ing
basa Jawa diperang dadi loro. Panliten iki njangkepi panliten-panliten sadurunge. Senadyan njangkepi, nanging isih
akeh topik saka konstruksi resultatif sing durung diandharake kanthi njlimet sajrone panliten iki, diajab ana panliten
maneh sing bisa njangkepi.
Tembung-tembung wigati : Konstruksi, Konstruksi resultatif.
Downloads
Download data is not yet available.
Downloads
Published
2019-01-28
How to Cite
CITRA PURWANINGRUM, N., & ADIPITOYO, S. (2019). KONSTRUKSI RESULTATIF ING BASA JAWA. Jurnal Online Baradha, 6(1). https://doi.org/10.26740/job.v6n1.p%p
Issue
Section
Articles

