SESAMBUNGAN SEMANTIS PARADHIGMATIK LAN SINTAGMATIK SAJRONE TETEMBUNGAN BAB KEMASAN ING DESA KAUMAN KECAMATAN BANGIL KABUPATEN PASURUAN

Authors

  • YENY CRIFFANI PUTRI
  • SUGENG ADIPITOYO

DOI:

https://doi.org/10.26740/job.v6n1.p%25p

Abstract

Tetembungan bidhang tatacara panguripane wong Jawa subbidhang kemasan ing Desa Kauman Kecamatan
Bangil Kabupaten Pasuruan nduweni sesambungan semantik leksikal. Tetembungane nduweni tetenger kang
mbedakake klawan subbidhang liyane. Mula, tetembungan kasebut digoleki sesambungan semantis paradhigmatik lan
sintagmatike, kang dhatane dijlentrehake nganggo teori fitur dhistingtif teges. Senajan wis tau ditliti, nanging anggone
merang jinise durung jangkep. Tujuwan utamane panliten iki yaiku ngandharake lan njelntrehake sesambungan
semantis paradhigmatik lan sintagmatik sajrone tetembungan bab kemasan, dene tujuwan mligine yaiku ngandharake
lan njlentrehake jinise sesambungan semantis paradhigmatik sajrone tetembungan bab kemasan, lan ngandharake lan
njlentrehake jinise sesambungan semantis sintagmatik sajrone tetembungan bab kemasan.
Panliten iki kalebu jinis panliten linguistik dheskriptif kang asipat sinkronis. Dhatane awujud tetembungan bab
kemasan ing Desa Kauman Kecamatan Bangil Kabupaten Pasuruan, kang diolehi kanthi cara nyemak lan wawancara.
Banjur jinise sesambungan paradhigmatik digoleki kanthi jlentrehan perangan teges, dene sesambungan sintagmatike
nganggo jlentrehan struktur batin. Sawise iku, asile panliten disuguhake kanthi cara formal lan informal.
Asile panliten iki yaiku, jinise sesambungan paradhigmatik sajrone tetembungan bab kemasan cacahe ana 4
yaiku hiponim, kohiponim, hipernim, kohipernim. Patang jinis iki saben perangane dipantha dadi 3 adhedhasar tatarane,
yaiku panggarape matrial, tataurut, lan tatacara. Dene jinise sesambungan sintagmatik cacahe ana 2, yaiku enkapsulasi
lan dhistribusi, adhedhasar persentase drajat bebedan lan pepadhane dipantha dadi 3 saben perangane yaiku kadhar
dhuwur, kadhar sedhengan, lan kadhar endhek. Adhedhasar asile panliten, bisa didudut yen panliten iki nguwatake
konsep ngenani jinise sesambungan semantis paradhigmatik lan sintagmatik ing ilmu semantik leksikal.
Tembung-tembung wigati : tetembungan, sesambungan semantis paradhigmatik, lan sesambungan semantis
sintagmatik.


Downloads

Download data is not yet available.

Downloads

Published

2019-01-28

How to Cite

CRIFFANI PUTRI, Y., & ADIPITOYO, S. (2019). SESAMBUNGAN SEMANTIS PARADHIGMATIK LAN SINTAGMATIK SAJRONE TETEMBUNGAN BAB KEMASAN ING DESA KAUMAN KECAMATAN BANGIL KABUPATEN PASURUAN. Jurnal Online Baradha, 6(1). https://doi.org/10.26740/job.v6n1.p%p

Issue

Section

Articles
Abstract views: 39 , PDF Downloads: 32