PANGARIBAWANE LEGENDHA PASAREAN SYEKH BASARUDIN TUMRAP TRADHISI NYADRAN ING DHUSUN SRIGADING DESA BOLOREJO KECAMATAN KAUMAN KABUPATEN TULUNGAGUNG (Tintingan Folklor)
DOI:
https://doi.org/10.26740/job.v6n1.p%25pAbstract
Folklor minangka saperangan kabudayan kolektif kang sumebar lan diwarisake turun temurun kanthitradhisional. Folklor diwarisake kanthi versi/ ragam kang beda-beda, bisa awujud lisan utawa tulisan. Salah sawijine
folklor lisan yaiku Pangaribawane Legendha Pasarean Syekh Basarudin Tumrap Tradhisi Nyadran ing Dhusun
Srigading Desa Bolorejo Kecamatan Kauman kabupaten Tulungagung. Legendha kasebut bakal dirembuk kanthi
tintingan folklor. Legendha kasebut diprecaya para warga minangka papan kang kramat. Syekh Basarudin mujudake
pawongan kang nyebarake Islam kapisan ing Dhusun Srigading.
Kanggo ngonceki punjere panliten digunakake analisis lan konsep kang cundhuk karo masalah kang arep
dionceki. Konsep utawa analisis kasebut antarane, kanggo nganalisis ngenani wujud legendha, yaiku nggunakake
konsep folklor kang diandharake dening Danandjaja. Kanggo nganalisis bab maknane migunakake analisise Sudikan.
Kanggo nganalisis bab nilai-nilaine migunakake analisise Latini. Kanggo nganalisis fungsine nggunakake konsepe
Allan Dundes.
Underane panliten iki yaiku kepriye wujud PLPSBTTN, kepriye makna simbol kang kinandhut sajrone
PLPSBTTN, nilai-nilai budaya apa wae kang kinandhut sajrone PLPSBTTN, kepriye fungsi sosiale PLPSBTTN,
kepriye kalungguhane PLPSBTTN tumrap masyarakat. Jumbuh karo underane panliten kasebut bisa diandharake
tujuwan panliten, yaiku ngandharake kepriye wujude PLPSBTTN, njlentrehake ngenani makna simbol kang kinandhut
sajrone PLPSBTTN, njlentrehake nilai-nilai apa wae kang kinandhut sajrone PLPSBTTN, nemokake lan njlentrehake
ngenani fungsi sosial PLPSBTTN tumrap masyarakat, ngandharake kalungguhane PLPSBTTN tumrap masyarakat.
Paedah panliten iki kanggo nambahi kawruh ngenaniPLPSBTTNing Dhusun Srigading Desa Bolorejo Kecamatan
Kauman Kabupaten Tulungagung.
Asile panliten yaiku critane bisa dadi patuladhane kanggo para pamudha panyengkuyunge. Makna simbol kang
kinandhut sajrone legendha yaiku awujud watu maesan, kali kang ana iwake, kembang wangi, lan tumpengan. Nilai
budaya kang kinandhut sajrone legendha awujud nilai didaktis, nilai etik, lan religi. Fungsi utawa piguna legendha
kasebut yaikukanggo mbiyantu sarana panggulawentah marang wong enom, sarana kritik sosial, sarana panglipur,
sarana ngupadi katentreman batin, sarana dedonga lan ngibadah, uga sarana kanggo nguri-uri kabudayan. Kalungguhan
legendha tumrap masyarakat yaiku kang awujud masyarakat kang precaya, masyarakat kang ora precaya, lan
masyarakat kang ora nggatekake.
Tembung wigati : legendha pasarean, nilai-nilai budaya, folklor.
Downloads
Download data is not yet available.
Downloads
Published
2019-01-29
How to Cite
DWI MAHARDIKA, A., & SUKARMAN. (2019). PANGARIBAWANE LEGENDHA PASAREAN SYEKH BASARUDIN TUMRAP TRADHISI NYADRAN ING DHUSUN SRIGADING DESA BOLOREJO KECAMATAN KAUMAN KABUPATEN TULUNGAGUNG (Tintingan Folklor). Jurnal Online Baradha, 6(1). https://doi.org/10.26740/job.v6n1.p%p
Issue
Section
Articles

