TINDAK KRIMINAL SAJRONE NOVEL SREPEG TLUTUR ANGGITANE TIWIEK SA (Tintingan Sosiologi Sastra)

  • DAVID MANDALA YUDHA SIREGAR
  • SRI SULISTIANI

Abstract

Tindak kriminal dadi tema kang paling onjo sajrone novel Srepeg Tlutur anggitane Tiwiek SA. Tindak
kriminal nduweni teges, yaiku kabeh kang nglanggar ukum utawa tumindak durjana. Sajrone novel ST anggitane
Tiwiek SA ana tindak kriminal kang ngrugekake banget tumrap awake dhewe kang nindakake tindak kriminal,
kulawarga, lan wong liya. Tindak kriminal kang ana sajrone novel ST anggitane Tiwiek SA iki bakal ditintingi
kanthi nggunakake tintingan sosiologi sastra.
Adhedhasar andharan kasebut bisa dijupuk underane panliten yaiku, (1) kepriye gegambarane tindak
kriminal sajrone novel ST anggitane Tiwiek SA? (2) faktor apa wae kang njalari tindak kriminal sajrone novel
ST anggitane Tiwiek SA? (3) apa akibat saka tindak kriminal sajrone novel ST anggitane Tiwiek SA? (4)
kepriye sesambungane tindak kriminal sajrone novel ST anggitane Tiwiek SA karo kahanan tindak kriminal ing
bebrayan masyarakat? Saka underan panliten kasebut nduweni ancas, (1) njlentrehake gegambarane tindak
kriminal sajrone novel ST anggitane Tiwiek SA, (2) njlentrehake faktor apa wae kang njalari tindak kriminal, (3)
njlentrehake akibat saka tindak kriminal sajrone novel ST anggitane Tiwiek SA, (4) njlentrehake sesambungane
tindak kriminal sajrone novel ST anggitane Tiwiek SA karo kahanan tindak kriminal ing bebrayan masyarakat.
Paedahe panliten iki yaiku, (1) tumrap panliti, panliten iki minangka sarana kanggo ngecakake ilmu, kawruh lan
ketrampilan kang wis ditampa ing bangku kuliyah gegayutan marang tintingan sosiologi sastra, (2) tumrap
pamaca, bisa nambah kawruh lan bisa dadi sarana aweh piwulang ngenani tindak kriminal sajrone bebrayan, (3)
tumrap sastra Jawa modern, bisa dadi sarana panyengkuyung anggone ngrembakakake telaah sastra, mligine
sosiologi sastra sajrone karya sastra, (4) asil panliten iki diajab bisa dadi salah sijine referensi kanggo panliten
sabanjure.
Panliten iki kalebu panliten kualitatif sing nggunakake tintingan sosiologi sastra. Metodhe sing
digunakake arupa analisis dheskriptif. Sumber dhatane panliten iki yaiku novel ST anggitane Tiwiek SA lan
pawarta ing internet. Cara nglumpukake dhata yaiku nemtokake unit analisis, nemtokake dhata, lan nyathet
dhata.
Adhedhasar asile analisis dhata sing nggunakake tintingan sosiologi sastra, bisa didudut menawa tema
sajrone novel ST anggitane Tiwiek SA yaiku tindak kriminal. Tindak kriminal sajrone novel ST iki ngandharake
ngenani (1) tumindak ruda peksa, (2) tumindak ora gelem tanggung jawab, (3) tumindak ngancam, (4) tumindak
korupsi, (5) tumindak nerak kasusilan, (6) tumindak apus-apus, (7) tumindak pemerasan. Tumindak kriminal
sajrone novel ST iku ana sesambungane karo tumindak kriminal kang ana ing bebrayan masyarakat. Faktor kang
njalari tumindak kriminal yaiku 1) Faktor saka dhiri pribadi (1) faktor kabutuhan seksual, (2) faktor emosi, lan
(3) faktor frustasi; 2) faktor saka sanjabane dhiri pribadi (1) faktor ekonomi, lan (2) faktor lingkungan.
Tembung wigati : Tindak Kriminal. Novel, Sosiologi Sastra


Published
2019-01-29
How to Cite
MANDALA YUDHA SIREGAR, D., & SULISTIANI, S. (2019). TINDAK KRIMINAL SAJRONE NOVEL SREPEG TLUTUR ANGGITANE TIWIEK SA (Tintingan Sosiologi Sastra). JOB (Jurnal Online Baradha), 6(1). https://doi.org/10.26740/job.v6n1.p%p
Section
Articles
Abstract Views: 63
PDF Downloads: 40