SESAMBUNGAN SEMANTIS PARADHIGMATIK LAN SINTAGMATIK SAJRONE TETEMBUNGAN BAB PANDHE MINANGKA TATACARA PANGURIPANE WONG JAWA ING KECAMATAN PURI KABUPATEN MOJOKERTO

Authors

  • AROFA DEFAKI SERDAYANI
  • SUGENG ADIPITOYO

DOI:

https://doi.org/10.26740/job.v6n1.p%25p

Abstract

Tetembungan bab pandhe kang kalebu bidhang tatacara panguripane wong Jawa nduweni sesambungan
semantis leksikal. Tetembungan kasebut kapantha dadi loro adhedhasar panggarape matrial, yaiku bab nggawe lan
ndandani. Rong panthan kasebut nduweni tetembungan ngenani tatacara-tatacara kang kudu ditindakake. Tetembungan
kasebut digoleki sesambungan semantis paradhigmatik lan sintagmatike.Topik iki wis tau ditliti, nanging durung
jangkep anggone merang jinise. Adhedhasar bab kasebut, underane panliten iki yaiku, (1) jinise sesambungan semantis
paradhigmatik sajrone tetembungan bab pandhe ing Kecamatan Puri Kabupaten Mojokerto, lan (2) jinise sesambungan
semantis sintagmatik sajrone tetembungan bab pandhe ing Kecamatan Puri Kabupaten Mojokerto.
Panliten iki kalebu jinis panliten linguistik dheskriptif kuantitatif kang asipat sinkronis. Dhatane awujud
tetembungan bab pandhe kang nduweni sesambungan semantis leksikal ing Kecamatan Puri Kabupaten Mojokerto.
kang diklumpukake kanthi cara wawancara lan nyemak. Dhata kasebut dijlentrehake nganggo teori fitur dhistingtif
teges kanthi jlentrehan perangane teges kanggo meruhi sesambungan sematis paradhigmatike lan nemtokake
sesambungan sintagmatike kanthi jlentrehan struktur batin. Asil jlentrehan dhata kasebut disuguhake kanthi cara formal
lan informal.
Asile panliten iki yaiku, ana 12 jinise sesambungan semantis paradhigmatik sajrone tetembungan bab pandhe,
yaiku hiponim panggarape matrial, hiponim tataurut, hiponim tatacara, kohiponim panggarape matrial, kohiponim
tataurut, kohiponim tatacara, hipernim panggarape matrial, hipernim tataurut, hipernim tatacara, kohipernim panggarape
matrial, kohipernim tataurut, lan kohipernim tatacara. Sabanjure, jinise sesambungan semantis sintagmatik sajrone
tetembungan bab pandhe ana 5, yaiku enkapsulatif dhuwur, enkapsulatif sedhengan, lan enkapsulatif endhek,
dhistributif dhuwur, lan dhistributif endhek. Adhedhasar andharan kasebut, bisa didudut yen panliten ngenani
sesambungan semantis paradhigmatik lan sintagmatik sajrone tetembungan bab pandhe iki nguwatake konsep ngenani
jinise sesambungan semantis paradhigmatik lan sintagmatik ing bidhang ilmu semantik lek.
Tembung wigati: tetembungan, sesambungan semantis paradhigmatik, lan sesambungan semantis sintagmatik.

Downloads

Download data is not yet available.

Downloads

Published

2019-01-31

How to Cite

DEFAKI SERDAYANI, A., & ADIPITOYO, S. (2019). SESAMBUNGAN SEMANTIS PARADHIGMATIK LAN SINTAGMATIK SAJRONE TETEMBUNGAN BAB PANDHE MINANGKA TATACARA PANGURIPANE WONG JAWA ING KECAMATAN PURI KABUPATEN MOJOKERTO. Jurnal Online Baradha, 6(1). https://doi.org/10.26740/job.v6n1.p%p

Issue

Section

Articles
Abstract views: 58 , PDF Downloads: 51