TRADHISI SLAMETAN BARITAN ING KECAMATAN GRABAGAN, KABUPATEN TUBAN (TINTINGAN FOLKLOR)
DOI:
https://doi.org/10.26740/job.v6n1.p%25pAbstract
Tradhisi slametan baritan yaiku kapitayan kang diwarisake dening para leluhur kanggo ngaturake rasa syukurmarang Gusti kang murbeng dumadi ingkang sampun paring kaslametan, kasuburan lan bisa nolak balak saka pageblug
kang ana ing desa. Pambedane saka tradhisi slametan liyane yaiku saka papan panggonan, tata laku lan ubarampe.
Underan panliten iki yaiku (1) Kepriye tuwuhe TSB ing Kecamatan Grabagan, Kabupaten Tuban, (2) Apa wae
ubarampe lan makna sajrone TSB, (3) Kepriye tatalaku saj rone TSB, (4) Apa nilai sajrone TSB, (5) Apa piguna sajrone
TSB, (6) Kepriye carane nguri-nguri TSB, (7) Kepriye owah-owahane TSB. Tujuwan saka panliten yaiku: (1)
Ngandharake tuwuhe TSB ing Desa Dahor, Kecamatan Grabagan, Kabupaten Tuban, (2) Ngandharake ubarampe lan
makna sajrone TSB, (3) Ngandharake tatalaku sajrone TSB, (4) Ngandharake nilai sajrone TSB, (5) Ngandharake
pigunane TSB, (6) Ngandharake carane nguri-nguri TSB, lan (7) Ngandharake owah-owahane TSB Paedah saka
panliten dikarepake bisa nduweni paedah kanggo manungsa marang Gusthi, manungsa karo alam, manungsa karo
sapadha-padha, manungsa marang bebrayan, lan manungsa marang awake dhewe.
Tintingan kapustakan kang digunakake kanggo nganalisis panliten iki yaiku nggunakake Konsep Masyarakat
Jawa, Konsep Foklor, Konsep Tradhisi, Konsep Simbol, Konsep Makna, Konsep Nilai, Konsep Piguna, Konsep Nguringuri Kabudayan, Konsep Owah-owahane Kabudayan, lan Hermeneutik. Dene panliten iki nggunakake metode
Deskriptif Kualitatif kanthi pendekatan budaya. Objek panliten yaiku Tradhisi Slametan Baritan. Data ing panliten iki
awujud data lisan lan data awujud barang.
Asiling panliten (1) nuduhake anane TSB kanggo ngilangi pageblug ing desa, (2) ngandharake makna, nilai,
lan fungsi kang kinandut sajrone TSB, (3) ubarampe ing adicara iki akeh maceme kayata bubur tulak, tumpeng, ketan
tawa, lan sapanungalane, nanging ing jaman saiki kathah ubarampe kang ilang kayata arang-arang kambang, bucu
kendhit, lan sapiturute. Kabudayan owah amarga faktor internal lan eksternal.
Tembung wigati : slametan baritan, folklor, owah-owahan.
Downloads
Download data is not yet available.
Downloads
Published
2019-01-31
How to Cite
JOKO PAMUJI, M., & SUWARNI. (2019). TRADHISI SLAMETAN BARITAN ING KECAMATAN GRABAGAN, KABUPATEN TUBAN (TINTINGAN FOLKLOR). Jurnal Online Baradha, 6(1). https://doi.org/10.26740/job.v6n1.p%p
Issue
Section
Articles

