KONSTRUKSI SEMANTIK GRAMATIKAL PANGAREP-AREP ACAKRIK TANGGAP ING BASA JAWA

Authors

  • ABRIANTI MAGHFIRROH
  • SUGENG ADIPITOYO

DOI:

https://doi.org/10.26740/job.v6n1.p%25p

Abstract

Konstruksi semantik gramatikal pangarep-arep acakrik tanggap ana ing basa Jawa. Konstruksi semantik
gramatikal pangarep-arep acakrik tanggap minangka perangane teges saka cakrik sintaktis ing relasi semantik
gramatikal. Konstruksi semantik gramatikal pangarep-arep acakrik tanggap uga bisa dicakake sajrone ukara-ukara ing
basa Jawa lan nduweni tetenger wasesane awujud tembung kriya tanggap. Panliten ngenani konstruksi semantik
gramatikal pangarep-arep acakrik tanggap ing basa Jawa isih sithik lan kurang mligi. Tujuwan utamane panliten iki
yaiku kanggo ngandharake lan njlentrehake konstruksi semantik gramatikal pangarep-arep tanggap ing basa Jawa, dene
tujuwan mligine yaiku ngandharake lan njlentrehake jinise pangarep-arep tanggap ing basa Jawa adhedhasar triaspek
sintaktise. Kanthi teoretis, asil panliten iki bisa kanggo ngrembakakake ilmu basa Jawa ing bidhang semantik
gramatikal, dene kanthi praktis asil panliten iki bisa dadi salah siji materi kanggo nyinaoni basa ing bidhang semantik
gramatikal.
Teori kanggo panliten iki yaiku teori transformasi generatif. Panliten iki kalebu jinis panliten linguistik
dheskriptif asipat sinkronis. Dhatane panliten iki yaiku konstruksi semantik gramatikal pangarep-arep acakrik tanggap.
Sumber dhatane awujud ukara-ukara kang ngandhut konstruksi semantik gramatikal pangarep-arep acakrik tanggap
kang dijupuk saka ukara-ukara sajrone rubrik-rubrik non-sastra kalawarti basa Jawa Panjebar Semangat taun 2016 lan
2017. Dhata kasebut diklumpukake kanthi nggunakake metodhe nyemak lan dijlentrehake kanthi metodhe
dhistribusional. Tatacara nyuguhake dhata ing panliten iki yaiku kanthi cara formal informal. Asile panliten iki ana 68
jinis konstruksi semantik gramatikal pangarep-arep acakrik tanggap kang diperang adhedhasar pangarep-arepe,
adhedhasar tanggape, lan tembung kriya tanggape kanthi cara nyilangake. Panliten iki nguwatake konsep ngenani
pangarep-arep acakrik tanggap ing relasi semantik gramatikal lan luwih mligi saka panliten sadurunge. Kurange
panliten iki durung bisa nemokake kabeh dhata sajrone jinise konstruksi semantik gramatikal pangarep-arep acakrik
tanggap. Kanggo panliten sabanjure diprayogakake bisa nliti bab kasebut.
Tembung-tembung wigati: konstruksi semantik gramatikal pangarep-arep acakrik tanggap, triaspek sintaktis

Downloads

Download data is not yet available.

Downloads

Published

2019-01-31

How to Cite

MAGHFIRROH, A., & ADIPITOYO, S. (2019). KONSTRUKSI SEMANTIK GRAMATIKAL PANGAREP-AREP ACAKRIK TANGGAP ING BASA JAWA. Jurnal Online Baradha, 6(1). https://doi.org/10.26740/job.v6n1.p%p

Issue

Section

Articles
Abstract views: 482 , PDF Downloads: 211