KAPITAYAN SAJRONE CERBUNG DHUWIT BALIK DEWI LANJAR ANGGITANE KI SUDADI (TINTINGAN ANTROPOLOGI SASTRA)

  • RHAMA WIRA TAMTAMA
  • UDJANG PAIRIN

Abstract

Crita sambung Dhuwit Balik Dewi Lanjar anggitane Ki Sudadi nyritakake para korban sing wis kena apuse tokoh spiritual. Kanthi cara maneka werna para korban bisa diapusi dening tokoh spiritual kang jenenge Kyai Yazid. Para korban bisa diapusi amerga padha kena perkara ekonomi. Cara ngapusi yaiku kanthi cara nggawe barang pusaka kang aran Dhuwit Balik Dewi Lanjar. Sajrone gawe barang pusaka kuwi, ana srana lan pepaline. Kabeh lakune crita ora bisa uwal saka anane kapitayan kang gegayutan karo panguripane masyarakat Jawa. Adhedhasar lelandhesan panliten kasebut, tujuwan panliten iki yaiku (1) Njlentrehake wujud kapitayan sajrone crita sambung DBDL, (2) Njlentrehake tangkepe masyarakat tumrap kapitayan sajrone crita sambung DBDL, (3) Njlentrehake kang nglandhesi tuwuhe kapitayan sajrone cerbung DBDL.

Ancangan panliten iki nggunakake metode deskriptif kualitatif amrih bisa menehi gambaran kang gamblang lan objektif ngenani kapitayan sajrone crita sambung DBDL. Sumber dhata sajrone panliten iki yaiku crita sambung kanti irah-irahan Dhuwit Balik Dewi Lanjar anggitane Ki Sudadi diterbitake dening penerbit Djoko Lodhang taun 2009. Teori kang digunakake minangka landhesan kanggo mawas prakara-prakara mau yaiku tintingan antropologi sastra kang diandharake dening Ratna. Dhata-dhata kang digunakake sajrone panliten arupa tembung-tembung, ukara, lan wacana kang ana ing sajrone crita sambung DBDL mligine kang nggambarake crita kapitayan. Tata cara panglumpuking dhata sajrone panliten iki nggunakake teknik pustaka lan wawancara.

Asile panliten wujud kapitayan sajrone CSDBDL yaiku ana telu, yaiku (1) kapitayan tumrap mitos, (2) kapitayan tumrap mistis, lan (3) kapitayan tumrap dhukun. Tangkepe masyarakat tumrap kapitayan sajrone CSDBDL ana telu, yaiku (1) nyengkuyung tumrap kapitayan mitos, (2) nyengkuyung tumrap mistis, lan (3) nyengkuyung tumrap anane dhukun. Kang nglandhesi tuwuhe kapitayan sajrone CSDBDL ana loro, yaiku (1) amarga ana paraga kena perkara kulawarga, lan (2) kena perkara ekonomi.

Tembung-tembung wigati : kapitayan, mitos, mistis, lan dhukun.






Published
2019-02-11
How to Cite
WIRA TAMTAMA, R., & PAIRIN, U. (2019). KAPITAYAN SAJRONE CERBUNG DHUWIT BALIK DEWI LANJAR ANGGITANE KI SUDADI (TINTINGAN ANTROPOLOGI SASTRA). JOB (Jurnal Online Baradha), 6(1). https://doi.org/10.26740/job.v6n1.p%p
Section
Articles
Abstract Views: 36
PDF Downloads: 16