IDHENTITI KULTURAL SAJRONE NOVEL KADANG SURINAME SANAK MERAPI ANGGITANE FUJI RIANG PRASTOWO (TINTINGAN POSKOLONIAL STUART HALL)
DOI:
https://doi.org/10.26740/job.v6n1.p%25pAbstract
ABSTRAK
Novel Kadang Suriname Sanak Merapi kang ngandharake bab panguripane kaum diaspora Jawa ing Walanda. Kaum diaspora yaiku korban saka anane praktik kolonialisme ing Indonesia. Senajan urip ana ing paran, nanging tumindake isih ana gandheng cenenge karo budaya Jawa. Papan panggonane kang ana ing Walanda uga menehi pengaruh prakara tumindake. Genahe, kaum diaspora kasebut nduweni rong idhentiti kang ana gandheng cenenge saka rong budaya yaiku budaya Jawa lan Walanda, saengga dheweke ngalami keambiguan bab idhentitine. Prakara kasebut kang narik kawigaten kanggo ditliti kanthi nengenake bab idhentiti kang sinandhang dening para paraga sajrone novel kasebut.
Teori kanggo panliten iki yaiku teori poskolonial Stuart Hall kang mbabar prakara idhentiti kultural. Dene, metodhe panliten iki yaiku jinis metodhe deskriptif kualitatif. Kanthi sumber primere yaiku novel Kadang Suriname Sanak Merapi anggitane Fuji Riang Prastowo lan dhatane kang arupa pacelathon antara para paragane, lan tetembugan utawa paragraf kang ana ing novel kasebut. Panliti dhewe kang dadi instrumen panliten, jalaran cocog klawan metodhe kang digunakake. Dhata dijupuk kanthi teknik study pustaka, dene panjlentrehane dhata kanthi ndheskripsikake dhata.
Asile panliten kaperang dadi 4 yaiku, (1) titikan idhentiti kultural kang arupa kapitayan, rasa ayem, lan pakulinan saka kaum diaspora sajrone novel, (2) negosiasi idhentiti kultural kanthi anane translokasi lan konstruksi idhentiti ganda dening kaum diaspora sajrone novel, (3) transformasi idhentiti kultural saka kaum diaspora sajrone novel kang nuduhake anane proses rekonstruksi lan dekonstruksi idhentiti Jawa, lan (4) idhentiti kultural pascakolonial kang katemukake rong idhentiti kultural kaum diaspora sajrone novel Kadang Suriname Sanak Merapi yaiku idhentiti Jawa-Suriname lan Jawa-Indies. Dene, saka panliten iki kaprayogakake amrih bisa nggedhekake rasa tresna marang budaya leluhur lan tansah ngutamakake rasa nasionalisme.
Tembung-tembung wigati: idhentiti kultural, diaspora, negosiasi, transformasi.
Downloads
Downloads
Published
How to Cite
Issue
Section

