MAKSIM CARA SAJRONE ANIMASI HUMOR CAK IKIN CULOBOYO (TINTINGN PRAGMATIK)

Authors

  • OKVIA AYU HARI PUTRI
  • SURANA

DOI:

https://doi.org/10.26740/job.v6n2.p%25p

Abstract

ABSTRAK

Maksim cara sajrone animasi humor Cak Ikin Culoboyo mujudake salah sawijine wujud basa saka aspek prinsip kerjasama kang digunakake ing pacaturane para paraga dhagelan animasi Cak Ikin Culoboyo. Dhasar panliten iki yaiku ngenani tuturan kang ana sajrone pacaturan anatarane para paraga animasi Cak Ikin Culoboyo. Ancas panliten iki yaiku ngandharake wujud basa aspek maksim cara lan panyimpangane kang ana sajrone vidheo animasi humor Cak Ikin Culoboyo ing medhia sosial youtube. Paedah teoristis panliten iki yaiku bisa migunani tumrap panyengkuyung kang ngrembakake ilmu pragmatik mligine bab wujud basa asprek maksim cara lan panyimpangane sajrone animasi humor Cak Ikin Culoboyo. Paedah praktise supaya bisa menehi sumbangsih tumrap pasionaon basa mligine ilmu pragmatik.

Panliten iki nggunakake tintingan pragmatik. Teori kang digunakake yaiku teori prinsip kerjasama kang diandharake dening Grice. Panliten iki mujudake panliten dheskriptif kualitatif. Subjek kang ditliti yaiku pacaturan kang ana ing vidheo animasi humor Cak Ikin Culoboyo. Dene objek kang ditliti yaiku dhata kang ngandhut aspek maksim cara lan panyimpangane sajrone vidheo animasi humor Cak Ikin Culoboyo ing medhia sosial youtube. Teknik kang digunakake sajrone proses pangumpule dhata yaiku teknik simak lan teknik catet. Dhata kang wis diklumpukake banjur dianalisis kanthi nggunakake metodhe dheskriptif kualitatif lumantar transkrip dhata lan klasifikasi dhata.

Asil saka panliten iki nuduhake rong dudutan. Kapisan, wujud basa aspek maksim cara sajrone vidheo animasi humor Cak Ikin Culoboyo ing aplikasi youtube kang dilandhesi karo rong jinis tujuwan tutur, yaiku (1) tindak asertif (awujud tuturan: ngandharake lan nuduhake), (2) tindak dhirektif (awujud tuturan: ngarahake, pamit, nyasmitani, lan nuturi). Kapindhone, yaiku wujud panyimpangan basa aspek maksim cara sajrone animasi humor Cak Ikin Culoboyo kang dilandhesi karo telung jinis tujuwan tutur, yaiku (1) tindak asertif (awujud tuturan: sambat/complaning, nuduhake, negesake, ngira-ira/predhiktif lan ngandharake), (2) tindak dhirektif (awujud tuturan: ngarahake lan nyasmitani), (3) tindak ekspresif (awujud tuturan: mbanyol, nyemoni, atur bela sungkawa, ngluputake, umuk/boasting, nampik lan atur puji).

Tembung wigati: maksim cara, animasi humor Cak Ikin Culoboyo, asertif, dhirektif, ekspresif.






Downloads

Download data is not yet available.

Downloads

Published

2019-05-08

How to Cite

AYU HARI PUTRI, O., & SURANA. (2019). MAKSIM CARA SAJRONE ANIMASI HUMOR CAK IKIN CULOBOYO (TINTINGN PRAGMATIK). Jurnal Online Baradha, 6(2). https://doi.org/10.26740/job.v6n2.p%p

Issue

Section

Articles
Abstract views: 49 , PDF Downloads: 106