RAGAM BASA PACATURAN WARGA LUMPUR GRESIK TINTINGAN SOSIOLINGUISTIK

  • LAILATUR RAHMAH
  • UDJANG PAIRIN

Abstract

ABSTRAK

Basa kang maneka warna bisa ditemuakake ing pacaturan sabendinane. Amerga ing endi wae papan panggonane mesthi ana ragam basa kang digunakake komunikasi antara siji lan sijine. Panliten iki njupuk objek Kelurahan Lumpur Kabupaten Gresik. Punjere panliten iki luwih cunduk marang Ragam Basa kaya ta,idiolek, dialek, alih kode lan campur Kode. Dhasar panliten iki yaiku ngenani ragam basa. Panliten iki bakal ngrembug (1) Kepriye wujud ragam basa pacaturan warga Lumpur Gresik, (2) Kepriye wujud alih kode kang dumadi ing pacaturan warga Lumpur Gresik, lan (3) Kepriye wujud campur kode kang dumadi ing pacaturan warga Lumpur Gresik. Tujuwan saka panliten iki yaiku kanggo mangerteni kepriye wujud ragam basa, wujud alih kode lan campur kode lan Bab kang dadi underane basa pacaturan warga Lumpur Gresik. Paedah teoretis panliten iki yaiku bisa menehi sumbangsih marang panliten ngenani panganggone basa. Paedah praktise supaya bisa migunani tumrap pasinaon Sosiolinguistik.

Panliten iki minangka panliten Sosiolinguistik awit ngrembug basa sing ana sesambungane karo kahanan sosial sajrone bebrayan. Panliten iki asipat kualitatif. Teori sing digunakake yaiku teori Sosiolinguistik Chaer .Metodhe sing digunakake yaiku metodhe kualitatif. Dhata panliten iki dijupuk dening panliti ing lapangan. Sumber dhata panliten iki yaiku pacaturan sing ditindakake dening warga Lumpur Gresik.

Adhedhasar andharan asile panliten ngenani ragam basa pacaturan warga Lumpur Gresik bisa kadudut: (1) Ragam basa kaperang dadi loro yaiku idiolek,dialek. (2) Wujud alih kode kaperang dadi loro yaiku alih kode intern lan alih kode ekstern. (3) Campur kode kaperang dadi loro yaiku positif lan negatif.

Tembung wigati: Ragam Basa, Pacaturan, Warga, Lumpur Gresik, Sosiolinguistik






Published
2019-05-16
How to Cite
RAHMAH, L., & PAIRIN, U. (2019). RAGAM BASA PACATURAN WARGA LUMPUR GRESIK TINTINGAN SOSIOLINGUISTIK. JOB (Jurnal Online Baradha), 7(2). https://doi.org/10.26740/job.v7n2.p%p
Section
Articles
Abstract Views: 73
PDF Downloads: 64