BASA SAJRONE BANNER KAMPANYE PILEG ING KUTHA SURABAYA TAUN 2019 (TINTHINGAN PRAGMASEMIOTIKA)

  • ERIENE ROSITANINGRUM
  • UDJANG PAIRIN

Abstract

ABSTRAK

Implikatur sajrone panliten iki yaiku basa sajrone banner kampanye pileg ing kutha Surabaya taun 2019 amarga tuturan kang dumadi ngemu makna sajrone banner kampanye lan maksud liya karo apa kang sabenere dikandhakake para caleg ing banner kampanye. Implikatur yaiku samubarang kang ditegesi utawa dikarepake dening panutur kang liya karo bab kang sanyatane dituturake dening panutur. Semiotik minangka panemu yen saben-saben wong duweni makna kang beda sajrone simbol banner kampanye. Semiotik duweni makna kanthi nggunakake petanda (signifier) minangka salah sawijine simbol kang duweni makna, penanda (signified) minangka gambaran, pikiran, maksud kang ditampa dening pamaca. Panliten iki nggunakake metodhe dheskriptif kualitalif, yaiku kanthi cara moto banner kampanye ing kutha Surabaya taun 2019. Tujuwan saka panliten iki yaiku kanggo mangerteni wujud implikatur lan nyambungake makna semiotik kang digunakake caleg sajrone banner kampanye kanggo narik kawigatene masyarakat.

Asil panliten iki ditemtokake jinis implikatur lan semiotik. Jinis implikatur iki ana loro, yaiku (1) implikatur konvensional kang diperang maneh dadi loro, yaiku implikatur konvensional simbolik lan implikatur konvensional non-simbolik. (2) Jinis implikatur konversasional, uga diperang maneh dadi loro, yaiku implikatur konversasional umum lan implikatur konversasional mligi. Semiotik ditemokake (1) denotatif minangka simbol kang diwenehi arti kanthi apa anane utawa bisa diarani makna harfiah saka simbol lan (2) konotasi minangka bab kang duweni makna tambahan saka denotatif.






Published
2019-05-16
How to Cite
ROSITANINGRUM, E., & PAIRIN, U. (2019). BASA SAJRONE BANNER KAMPANYE PILEG ING KUTHA SURABAYA TAUN 2019 (TINTHINGAN PRAGMASEMIOTIKA). JOB (Jurnal Online Baradha), 7(2). https://doi.org/10.26740/job.v7n2.p%p
Section
Articles
Abstract Views: 47
PDF Downloads: 31