VARIASI PROKEM BASA MBANGKELAN ING KAMPUNG GIRI GAJAH KABUPATEN GRESIK
DOI:
https://doi.org/10.26740/job.v7n2.p%25pAbstract
ABSTRAK
Prokem Basa Mbangkelan ing Kampung Giri Gajah, nduweni variasi. Variasi kasebut bisa dideleng sajrone pacaturan lisan, kang ngandhut tembung, frasa, klausa, ukara prokem basa mbangkelan. Variasi basa mbangkelan kasebut diandharake adhedhasar teori variasi basa. Mula, basa prokem mbangkelan diandharake saka segi panutur lan segi panganggo. Prokem basa mbangkelan iki durung nate ditliti. Mula, tujuwan utamane panliten iki yaiku nggoleki variasi prokem basa mbangkelan ing Kampung Giri Gajah, tembung lan tetembungan apa wae kang ana sajrone basa prokem mbangkelan, konstruksi ukara prokem basa mbangkelan sarta fungsi panganggone prokem basa mbangkelan.
Panliten iki kalebu jinis panliten dhiskriptif kualitatif kang asipat sinkronis. Dhatane awujud tembung, frasa, klausa, utawa ukara basa prokem mbangkelan ing Kampung Giri Gajah Kabupaten Gresik, kang diolehi kanthi metodhe nyemak. Banjur dhata kasebut diolah kanthi metodhe deskriptif. Sawise iku, asil saka panliten disuguhake kanthi cara informal. Asil panliten iki yaiku, variasi prokem basa mbangkelan kaperang dadi 5 (lima), yaiku prokem mbangkelan murni, prokem mbangkelan walikan, prokem mbangkelan setengah walikan, prokem mbangkelan memper papan panggonan, uga prokem mbangkelan memper tembung aran. Tembung lan tetembungan basa mbangkelan saka tembung kriya, tembung aran, tembung wilangan, tembung kaanan, lan tembung sesulih kang didadekake basa prokem. Kontruksi basa prokem ana 2 (loro), murni prokem lan campuran. Dene Fungsi basa prokem kang ditemokake ana 5 (lima) yaiku fungsi emotif, fungsi konoatif, fungsi referensial, fungsi puitik, lan fungsi fatik.
Tembung wigati: Variasi Basa, tembung, tetembungan, konstruksi ukara basa prokem lan fungsi basa prokem.
Downloads
Downloads
Published
How to Cite
Issue
Section

