UPAYA KANGGO NGGAYUH PENDHIDHIKAN SAJRONE NOVEL SUMI ANGGITANE TIWIEK S.A LAN NOVEL LASKAR PELANGI ANGGITANE ANDREA HIRATA
DOI:
https://doi.org/10.26740/job.v7n2.p%25pAbstract
Abstrak
Panliten iki nduweni ancas kanggo mbandhingake rong karya sastra arupa novel yaiku novel Sumi anggitane Tiwiek S.A. nganggo basa Jawa lan novel Laskar Pelangi anggitane Andrea Hirata nganggo basa Indonesia. Underane panliten iki ana telu, yaiku (1) Kepriye kahanan ekonomi sajrone novel Sumi anggitane Tiwiek S.A. lan novel Laskar Pelangi anggitane Andrea Hirata ? (2) Kepriye kahanan sosial sajrone novel Sumi anggitane Tiwiek S.A. lan novel Laskar Pelangi anggitane Andrea Hirata ?(3) Kepriye upaya saka paraga kanggo nggayuh pendhidhikan sajrone novel Sumi anggitane Tiwiek S.A. lan novel Laskar Pelangi anggitane Andrea Hirata?. Selaras klawan underan panliten ancas panliten yaiku (1) kanggo ngandharake ngenani kahanan ekonomi sajrone kaloro novel kasebut (2) kanggo ngandharake ngenani kahanan sosial sajrone kaloro novel kasebut (3) kanggo ngandharake upaya kanggo nggayuh pendhidhikan sajrone kaloro novel kasebut.
Teori kang digunakake kanggo nganalisis sastra bandhingan iki yaiku teori Afinitas, miturut Sapardi. Metodhe kang digunakake kanggo panliten iki yaiku metodhe kualitatif. Sumber dhatane awujud Novel Sumi lan Novel Laskar Pelangi. Kanggo nglumpukake dhata kasebut ngangge teknik simak lan maca. Kanggo ngandharake lan njlentrehake data, nganggo analisis metodhe deskriptif analisis.Asile panliten yaiku (1) ngandharake ngenani kahanan ekonomi sajrone kaloro novel kasebut (2) ngandharake ngenani kahanan sosial sajrone kaloro novel kasebut (3) ngandharake upaya kanggo nggayuh pendhidhkan sajrone kaloro novel kasebut.
Tembung-tembung wigati : afinitas, tema, lan pendhidhikan
Downloads
Downloads
Published
How to Cite
Issue
Section

