Maksim Kecocogan lan Maksim Kasimpaten sajrone Medhia Sosial Whatsapp Grup Klas Hercules 2015 C Tahun 2018

Authors

  • MARATUS SOLIKAH
  • SURANA

DOI:

https://doi.org/10.26740/job.v7n2.p%25p

Abstract

ABSTRAK

Maksim kecocogan yaiku tuturan antarane panutur lan mitratutur kang padha-padha maksimalake kecocogane. Dene maksim kasimpaten yaiku tuturan antarane panutur lan mitratutur kang maksimalake kauntungan marang liyane, lan maksimalake karugen marang awake dhewe. Tujuwan saka panliten iki yaiku supaya bisa meruhi tingkatan kecocogan lan kasimpaten kang diduweni para mahasiswa jurusan basa Jawa klas 2015C taun 2018. Saliyane kuwi, panliten iki uga durung ana sing nggawe sadurunge. Panliti njupuk objek sajrone medhia sosial whatsapp amerga medhia sosial kasebut minangka medhia kang lagi digandrungi bebrayan jaman saiki amerga kagunane sing saya canggih lan modern.

Asile panliten iki diweruhi wujud kecocogan lan kasimpaten kang digawe ceaturaan sabendinan sajrone grup klas Hercules 2015C taun 2018 saka teori katrapsilan basa miturut Leech dibagi limang maksim, nanging sajrone panliten iki mung di jupuk loro, yaiku (1) maksim kecocogan kang diperang dadi maksim kecocogaan laras lan maksim kecocogan nyimpang, (2) maksim kasimpaten uga diperang dadi loro yaiku maksim kasimpaten laras lan maksim kasimpaten nyimpang. Antarane maksim keocogan laras lan nyimpang, dipantha dadi loro adhedhasar tuturane yaiku kang dituturake kanthi blaka lan samudana. Semana uga maksim kasimpaten laras lan nyimpang, dipantha dadi loro adhedhasar panampane mitratutur yaiku kasimpaten laras lan nyimpang kang ditampa lan ditampik.

Tembung Wigati: Maksim Kecocogan, Maksim Kasimpaten, Cecaturan, Medhia Sosial Whatsapp, Grup Klas Hercules 2015C.






Downloads

Download data is not yet available.

Downloads

Published

2019-05-21

How to Cite

SOLIKAH, M., & SURANA. (2019). Maksim Kecocogan lan Maksim Kasimpaten sajrone Medhia Sosial Whatsapp Grup Klas Hercules 2015 C Tahun 2018. Jurnal Online Baradha, 7(2). https://doi.org/10.26740/job.v7n2.p%p

Issue

Section

Articles
Abstract views: 50 , PDF Downloads: 38