TINDAK TUTUR NUTURI SAJRONE AKUN INSTAGRAM @KETOPRAK_JOWO

Authors

  • PRETTY NOVITASARI
  • SURANA

DOI:

https://doi.org/10.26740/job.v7n2.p%25p

Abstract

ABSTRAK

Tindak tutur nuturi isih asring dianggo sajrone bebrayan. Tindak tutur nuturi dilakokake dening panutur kanggo nuturi mitra tuture nalika mitra tutur bakal, lagi, utawa bubar nglakokake tumindak kliru. Pokok panliten iki yaiku ngrembug apa wae jinise tindak tutur nuturi sajrone akun instagram @ketoprak_jowo adhedhasar solah bawane panutur lan pananggape mitra tutur. Kanthi dhasar kasebut, ancase panliten yaiku nuduhake lan ngandharake jinis tindak tutur nuturi kanthi dhasar solah bawane panutur lan pananggape mitra tutur sajrone akun instagram @ketoprak_jowo. Fungsi teoritis panliten yaiku kanggo nyengkuyung pangarembakane basa mligine ngelmu pragmatik lan menehi sumbangsih bab tindak tutur nuturi sajrone bebrayan. Fungsi praktis yaiku kanggo ngrembakakake materi ajar Basa Jawa ing sekolah mawa pawiyatan luhur mligine bab tindak tutur nuturi sajrone medhia sosial.

Panliten tindak tutur iki kalebu jinis panliten dheskriptif kualitatif. Teori kang digunakake yaiku teori tindak tutur Searle. Dhata panliten iki dijupuk panliti saka postingan kang ana sajrone akun instagram @ketoprak_jowo. Tatacara nglumpukake dhata kanthi metodhe semak lan teknik screenshoot. Tata cara njlentrehake dhata nggunakake metodhe kategoris, teks, lan konteks. Tatacara nyuguhake dhata yaiku kanthi dheskriptif lan informal. Jinis tindak tutur adhedhasar solah bawane panutur lan panampane mitra tutur diperang dadi papat yaiku (1) langsung blaka, (2) langsung samudana, (3) ora langsung blaka, (4) ora langsung smaudana. Jinis tindak tutur nuturi kanthi pananggape mitra tutur ana loro yaiku katampa lan katampik.

Tembung-tembung Wigati : Tindak tutur nuturi, lageyane panutur, panampane mitra tutur, konteks sosial.






Downloads

Download data is not yet available.

Downloads

Published

2019-05-27

How to Cite

NOVITASARI, P., & SURANA. (2019). TINDAK TUTUR NUTURI SAJRONE AKUN INSTAGRAM @KETOPRAK_JOWO. Jurnal Online Baradha, 7(2). https://doi.org/10.26740/job.v7n2.p%p

Issue

Section

Articles
Abstract views: 60 , PDF Downloads: 56