CRITA RAKYAT DUMADINE KALI BANGER ANGGITANE SUPARTO BRATA LAN DRAMA TARI GEGER ING BANGER KARYA PENY PRIYONO (TINTINGAN SASTRA BANDHINGAN)

  • EKSA HERTIN PROBOWATI
  • SRI SULISTIANI

Abstract

ABSTRAK

Crita rakyat Dumadine Kali Banger lan drama tari Geger Ing Banger yaiku karya sastra kang nyritakake mula bukane aran kali Banger Probolinggo. Crita rakyat anggitane swargi Suparto Brata lan drama tari karya Peny Priyono nyritakake kedadeyan ontran-ontran kang dialami dening para kawula praja Majapahit lan Kadipaten Lumajang nganti nuwuhake akeh kurban pati. Prekara iki tuwuh saka tikel polahe Patih Nambi minangka salah siji patih ing Majapahit. Nambi dadi paraga utama kang dianggep nuwuhake prekara, watake culika. Saka kekarone crita Patih Nambi ora mbela praja Majapahit nanging malah nduweni cara liya supaya bisa nuwuhake ontran-ontran lan dianggep ngedegake praja anyar, dheweke bisa uwal saka Majapahit. Dene Sang Nata Prabu Hayam Wuruk sajrone crita rakyat ora kasil ngendalekake babagan ontran-ontran nuwuhake pepati. Paedah panliten iki yaiku minangka sawijine andharan kang medhar nilai-nilai sosial sajrone crita rakyat lan drama tari kang digayutake minangka panliten sastra. Panliten ditintingi kanthi dhasar teori Sastra Bandhingan lan teori struktural sarta pendhekatan hermeneutik minangka panyengkuyunge. Ancangan sajrone panliten iki yaiku deskriptif komparatif, kanthi sumber dhata awujud kumpulan crita rakyat lan karya tari Geger Ing Banger taun 2015. Dhata ing panliten iki nilai sosial saka cecaturan, lelagon, tumindak lan pakulinan paraga. Asil saka mbandhingake crita rakyat lan drama tari iki ditemokake ekspansi yaiku pangrembakane karya, kadeleng saka anane paraga misaya ing pinggir sungapan kali Banger, anane dhagelan sajrone prajurit Lumajang, lan pacaturan antarane lurah Majapahit marang prajurit Majapahit sadurunge bela pati ing palagan; konversi sutradara drama tari ngrembakakake asil pacaturan sajrone drama tari uga nuwuhake dhagelan lan pacaturan sing nggunakake basa Madura.

Kata Kunci : Crita Rakyat, Drama Tari, Sastra Bandhingan









Published
2019-05-27
How to Cite
HERTIN PROBOWATI, E., & SULISTIANI, S. (2019). CRITA RAKYAT DUMADINE KALI BANGER ANGGITANE SUPARTO BRATA LAN DRAMA TARI GEGER ING BANGER KARYA PENY PRIYONO (TINTINGAN SASTRA BANDHINGAN). JOB (Jurnal Online Baradha), 7(2). https://doi.org/10.26740/job.v7n2.p%p
Section
Articles
Abstract Views: 62
PDF Downloads: 55