KAPITAYANE BEBRAYAN JAWA SAJRONE SINEMA DRAMATIK MAHASISWA BASA JAWA UNESA 2012 (TINTINGAN ANTROPLOGI SASTRA)

  • NORMAN ARI SANTOSO
  • LATIF NUR HASAN

Abstract


Abstrak
Sinema dramatik mahasiswa basa Jawa mujudake karya sastra sing ngandharake bab Kapitayan Jawa mligine bab mitos lan mistis. Film mahasiswa basa Jawa nggambarake sawijine panguripan masyarakat ing satengahe bebrayan sing tansah isih nenengake marang Kapitayan animisme dinamisme. Adhedhasar landhesan panliten kasebut, underane panliten iki yaiku (1) Kepriye gegambarane mitos , (2) gegambarane mistis , (3) pangribawane mitos lan mistis tumrap paraga sajrone sinema dramatik mahasiswa basa Jawa, lan (4) pamawas masyarakat tumrap mitos lan mistis sajrone bebrayan. Panliten iki nduweni paedah kanggo ngrembakake kawruh ilmu sastra mligine babagan antropologi sastra. Panliten uga kanggo sarana medhia pasinaon ing jagade akadhemisi lan bebrayan umum. Panliten iki migunakake metodhe dheskiptif kualitatif amrih bisa menehi gambaran sing gambling lan objektif ngenani Kapitayan mitos lan mistis. Tata cara sing digunakake sajrone panliten iki yaiku teknik kapustakan, waca, nyathet, lan wawancara. Sumber dhata utama ing panliten iki yaiku transkrip dhata saka cecaturane para paraga sinema dramatik. Teori sing digunakake kanggo medhar film iki yaiku antropologi sastra sing diandharake dening Endraswara. Dhata-dhata sing digunakake sajrone panliten iki yaiku arupa tembung-tembung, ukara, lan wacana sing ana sajrone sinema dramatik mahasiswa basa Jawa. Asiling panliten iki bisa didudut patang bab laras karo underane panliten (1) Mitos sajrone film yaiku petung salakirabi, omah sunduk sate, bahu laweyan, pralambang lan sirikan. (2) Mistis sajrone film yaiku bangsa alus, ilmu gaib, tirakat, lan sesaji. (3) Pangribawa sing dituwuhake saka mitos lan mistis tumrap paraga yaiku padu karo seduluran, padu karo garwa, pati, mateni sandhang pangan, lara, pikiran owah, sugih bandha donya, lan kepelet. (4) Aspek pamawas masyarakat sing kasusun saka pamuka agama, sesepuh desa, lan mahasiswa. Saka saperangan pamawas, akeh bebrayan sing isih percaya marang Kapitayan mitos lan mistis. Kapitayan tumrap mitoslan mistis mujudake salah sawijine warisan saka para leluhur sing kudu diuri-uri murih ora cures kegerus jaman.
Tembung wigati: Sinema dramatik, antropologi sastra, mitos, mistis.

Published
2019-06-12
How to Cite
ARI SANTOSO, N., & NUR HASAN, L. (2019). KAPITAYANE BEBRAYAN JAWA SAJRONE SINEMA DRAMATIK MAHASISWA BASA JAWA UNESA 2012 (TINTINGAN ANTROPLOGI SASTRA). JOB (Jurnal Online Baradha), 7(2). https://doi.org/10.26740/job.v7n2.p%p
Section
Articles
Abstract Views: 48
PDF Downloads: 112