TEMBUNG RANGKEP SAJRONE BASA JAWA DHIALEK PENDHALUNGAN ING KUTHA PROBOLINGGO
DOI:
https://doi.org/10.26740/job.v7n2.p%25pAbstract
Abstrak
Tembung rangkep minangka salah sawijine proses morfologis kang ana ing saben-saben basa. Dhialek Pendhalungan kapilih minangka objek ing skripsi iki amarga objek kasebut mirunggan lan manjila. Mirunggane tembung rangkep sajrone dhialek Pendhalungan yaiku amarga nggunakake dhialek Pendhalungan minangka objek panliten. Pendhalungan tuwuh saka rong budaya kang dominan, yaiku budaya Jawa lan Madura. Panutur dhialek Pendhalungan mung ana ing dhaerah Tapal Kuda propinsi Jawa Timur. Dene manjilane tembung rangkep sajrone dhialek Pendhalungan yaiku ngandharake kepriye rong budaya kang dominan bisa nuwuhake basa mligine titi tembung kang beda karo liyane.Tembung rangkep kasebut bakal kagayutake karo dhialek Pendhalungan ing kutha Probolinggo, mula underan panliten iki yaiku: (1) Kepriye wujud tembung rangkep basa Jawa ing dhialek Pendhalungan; (2) Kepriye guna tembung rangkep basa Jawa ing dhialek Pendhalungan; lan (3) Kepriye kalungguhane tembung rangkep basa Jawa ing dhialek Pendhalungan. Teori kang kagunaake ing panliten iki yaiku teori transformasi generative kanggo njlentrehake dhata. Dhata kang ditiliti njupuk saka cecaturane basa Jawa dhialek Pendhalungan kang kagunakake wong asli kutha Probolinggo. Panliten iki kalebu panliten linguistik sinkronis krana nliti basa ing wektu tartamtu, yaiku ing jaman saiki. Panliten iki asipat panliten dheskriptif.Wujude tembung rangkep sajrone dhialek Pendhalungan ing kutha Probolinggo kuwi ana 6 (enem) yaiku: (1) tembung kriya lingga; (2) tembung kriya andhahan; (3) tembung aran; (4) tembung kahanan; (5) tembung katrangan; lan (6) tembung wilangan. Guna Tembung Rangkep ing basa Jawa dhialek Pendhalungan ana 4 (papat) yaiku: (1) guna jejer {J}; (2) guna wasesa {W}; (3) guna geganep {G}; lan (4) guna katrangan {K}. Dene, kalungguhan Tembung Rangkep ing basa Jawa dhialek Pendhalungan ana 4 (papat) yaiku: (1) Kalungguhan redhuplikasi pangisi guna jejer ana 2 (loro); (2) Kalungguhan redhuplikasi pangisi guna wasesa ana 7 (pitu); (3) Kalungguhan redhuplikasi pangisi guna geganep ana 2 (loro) lan (4) Kalungguhan redhuplikasi pangisi guna katrangan ana 3 (telu).
Tembung-tembung wigati: Tembung rangkep, Pendhalungan, wujud, guna lan kalungguhan.
Downloads
Download data is not yet available.
Downloads
Published
2019-06-12
How to Cite
CAHYA WITASARI, M., & MURDIYANTO. (2019). TEMBUNG RANGKEP SAJRONE BASA JAWA DHIALEK PENDHALUNGAN ING KUTHA PROBOLINGGO. Jurnal Online Baradha, 7(2). https://doi.org/10.26740/job.v7n2.p%p
Issue
Section
Articles

