Authors

  • SHOFIA HANIFA PRABANDARI KUSWORO
  • MURDIYANTO

DOI:

https://doi.org/10.26740/job.v7n2.p%25p

Abstract

Abstrak

Rujak Cingur minangka salah sawijine kolom ing kalawarti Panjebar Semangat kang nyuguhake sawijine wacan kang mirunggan awit ngemot panyaruwe tumrap kahanan sosial kang lagi rame dirembug. Saben kolom Rujak Cingur mesthi ngandharake panyaruwe kang wigati ngenani panguripan masyarakat, kayata ekonomi, budaya, agama, politik, lan sapanunggale. Panyaruwe sajrone kolom Rujak Cingur katujokake redhaktur menyang pawongan utawa indhividhu, klompok masyarakat, lembaga, lan pamarentah. Punjere panliten iki yaiku idheologi kang dirembakakake sajrone wacana kritis idhealisme ing kolom Rujak Cingur. Tujuwan panliten iki yaiku njlentrehake konteks kedadeyan, sosial, historis, lan tarung panguwasan kang dumadi ing wacana kritis sajrone kolom Rujak Cingur.

Teori kang digunakake ing panliten iki yaiku teori analisis wacana kritis. Panliten iki nggunakake metodhe interpretatif lan eksplanatoris. Sumber dhata panliten iki yaiku wacan idhealisme sajrone kolom Rujak Cingur ing kalawarti Panjebar Semangat. Dhata panliten kasebut disuguhake kanthi cara informal.

Asil saka panliten iki awujud idheologi kang dirembakakake sajrone wacan Rujak Cingur yaiku idhealisme. Prinsip idhealisme iku nuntun marang panggilute supaya kukuh nggayuh gegayuhane, lan nglakoni urip kang laras klawan paugeran ukum, alam, lan sosial. Mula prinsip idhealisme iki wigati banget cak-cakane sajrone sistem panguripan sabendinane.

Tembung wigati: Wacana Kritis, Idheologi, Idhealisme, Konteks Kedadeyan, Konteks Sosial, Konteks Historis, lan Tarung Panguwasan.






Downloads

Download data is not yet available.

Downloads

Published

2019-06-20

How to Cite

HANIFA PRABANDARI KUSWORO, S., & MURDIYANTO. (2019). Jurnal Online Baradha, 7(2). https://doi.org/10.26740/job.v7n2.p%p

Issue

Section

Articles
Abstract views: 48 , PDF Downloads: 52