TINDAK TUTUR NYASMITANI ING DHUSUN KLURAHAN, DESA KLURAHAN, KECAMATAN NGRONGGOT, KABUPATEN NGANJUK
DOI:
https://doi.org/10.26740/job.v7n2.p%25pAbstract
ABSTRAK
Tindak tutur nyasmitani isih kerep diprangguli sajrone bebrayan. Nyasmitani ditindakake lumantar tuturan sing ora blaka, ora mung nganggo basa pocapan nanging uga nggunakake solahe raga. Nliti tindak tutur nyasmitani nduweni paedah mirunggan awit bisa ngerteni kepriye carane nyasmitani wong liya kayata: kasar, alus, mawa andhap asor, utawa tuturan sing menehi pakurmatan saengga bisa menehi tanggepan sing apik tumrap mitra tutur.
Punjere panliten yaiku ngenani apa wae jinise TTN adhedhasar lageyane panutur lan pananggepe mitra tutur ing Dhusun Klurahan, Desa Klurahan, Kecamatan Ngronggot, Kabupaten Nganjuk. Paedah teoritis panliten, yaiku menehi sumbangsih tumrap pangrembakane kajian tindak tutur basa Jawa lan linguistik. Paedah praktis panliten, yaiku salah sijine materi kanggo nyinaoni basa mligine bidhang pragmatik ing pawiyatan luhur uga menehi paedah kanggo para panliti tindak tutur.
Panliten tindak tutur nyasmitani dilebokake jinis etnografi awit ngrembug basa kang disambungake konteks sosial lan nggunakake teorine Levinson. Panliti jupuk dhata panliten ing lapangan. Sumber dhatane saka cathetan lan rekaman warga Dhusun Klurahan, Desa Klurahan, Kecamatan Ngronggot, Kabupaten Nganjuk. Tatacara nglumpukake dhata kanthi metodhe semak lan wicara. Tatacarane njlentrehake dhata kanthi metodhe distribusional lan dheskriptif. Dene tatacara nyuguhake jlentrehan dhata kanthi metodhe informal.
Asile panliten kaperang dadi loro, yaiku adhedhasar lageyane panutur lan pananggape mitra tutur. Lageyane panutur diperang dadi loro, yaiku kanthi cara pocapan lan kanthi cara solahe raga. Dene adhedhasar pananggape mitra tutur ana papat, yaiku katampa katindakake, katampa ora katindakake, katampik katindakake, lan katampik ora katindakake.
Tembung Wigati: tindak tutur nyasmitani, lageyane panutur, pananggape mitra tutur, lan konteks sosial.
Downloads
Downloads
Published
How to Cite
Issue
Section

