PENYIASATAN STRUKTUR SAJRONE ANTOLOGI GEGURITAN “KIDUNG LANGIT” ANGGITANE NONO WARNONO (TINTINGAN STILISTIKA)

  • EKA PRADITYA MUSLIKHAH CAHYANI
  • SRI WAHYU WIDAYATI

Abstract

Abstrak

Antologi geguritan Kidung Langit anggitane Nono Warnono minangka salah sawijining karya sastra kang tetembungan lan ukarane narik kawigaten amarga lelewane basa kang digunakake endah. Lelewane basa kang paling onjo sajrone antologi geguritan Kidung Langit yaiku ngenani repetisi lan pengontrasan. Panliten iki bakal ngrembug (1) kepriye wujud penganggone repetisi, (2) kepriye wujud penganggone pengontrasan, llan (3) fungsi repetisi lan pengontrasan sajrone antologi geguritan KL. Ancas panliten iki yaiku njlentrehake wujud penganggone repetisi lan pengontrasan uga fungsi penganggone repetisi lan pengontrasan.

Pamarekan kang digunakake sajrone panliten iki yaiku pamarekan stilistika. Panliten iki kalebu panliten dheskriptif kualitatif kang nggunakake metodhe dheskriptif analitik. Panliten iki nggunakake teori ngenani repetisi lan pengontrasan miturute Burhan Nurgiyantoro. Sumber dhata sajrone panliten iki arupa tembung, frase, lan ukara kang ana sajrone antologi geguritan Kidung Langit anggitane Nono Warnono. Dhata kang digunakake ing panliten iki dijupuk saka geguritan sajrone antologi geguritan Kidung Langit kang ngandhut repetisi lan pengontrasan.

Adhedhasar analisis kang wis ditindakake, asile panliten iki nuduhake yen geguritan kang dianggit dening Nono Warnono ngandhut lelewane basa arupa penyiasatan struktur kang mligine awujud repetisi lan pengontrasan. Lelewane basa repetisi kang paling onjo yaiku nggunakake pola anafora, dene lelewane basa pengontrasan kang paling onjo nggunakake gaya ironi lan sarkasme. Repetisi lan pengontrasan nduweni patang fungsi yaiku: fungsi referensial, fungsi emotif, fungsi konatif, lan fungsi puitis.

Tembung wigati: Wujud, fungsi,repetisi, pengontrasan.




Published
2019-06-26
How to Cite
PRADITYA MUSLIKHAH CAHYANI, E., & WAHYU WIDAYATI, S. (2019). PENYIASATAN STRUKTUR SAJRONE ANTOLOGI GEGURITAN “KIDUNG LANGIT” ANGGITANE NONO WARNONO (TINTINGAN STILISTIKA). JOB (Jurnal Online Baradha), 7(2). https://doi.org/10.26740/job.v7n2.p%p
Section
Articles
Abstract Views: 116
PDF Downloads: 138