Kapitayan Lokal Masarakat Jawa sajrone Novel Pulung Gantung Tali Pati Anggitane Iman Budhi Santosa (Tintingan Antropologi Sastra)

  • WAHYU DWI LESTARI
  • SRI SULISTIANI

Abstract

ABSTRAK

Novel Pulung Gantung Tali Pati anggitane Iman Budhi Santosa mujudake sarana kanggo ndeleng kapitayane manungsa marang mistis lan mitos ana ing masarakat Gunung Kidul. Adhedhasar andharan kasebut, underan panlitene ana papat yaiku (1) kapitayan lokal masarakat Jawa marang mistis, (2) kapitayan lokal masarakat Jawa marang mitos, (3) kawusanane kapitayan lokal masarakat Jawa marang mistis lan mitos, lan (4) pamawase masarakat ngenani kapitayan lokal masarakat Jawa. Tujuwane panliten iki yaiku ngandharake wujud kapitayan lokal marang mistis, mitos, kawusanane, lan pamawase masarakat ngenani kapitayan lokal masarakat Jawa.

Panliten iki nggunakake metodhe dheskriptif kualitatif kanggo ndheskripsekake kedadeyan ngenani kapitayan lokal marang mistis lan mitos kanthi nggunakake tintingan antropologi sastra. Sumber dhata primere yaiku novel PGTP. Sumber dhata sekundhere yaiku pamawase masarakat kanthi wawancara. Dhata-dhata primer sing digunakake yaiku tetembungan, ukara, lan paragrap ngenani kapitayan lokal marang mistis lan mitos sajrone novel kasebut. Dhata-dhata sekundher sing digunakake arupa tetembungan sing diandharake lumantar wawancara saka narasumber ana ing bebrayan ngenani pamawase babagan mistis lan mitos. Tata cara kanggo nglumpukake dhata kanthi riset kapustakan, maca, nyathet, lan wawancara.

Asile saka panliten sajrone novel PGTP yaiku (1) kapitayan lokal masarakat Jawa marang mistis, yaiku ngenani laku spiritual, bangsa alus, wangsit, lan ilmu gaib sing dipitayani dening masarakat Gunung Kidul kasebut. Laku spiritual sing dicakake yaiku lek-lekan lan kothekan kanggo nyingkirake bangsa alus. Bangsa alus yaiku anane lelembut lan dhemit. Wangsit arupa wisikan dening dhemit lan gegambaran wong jubah putih. Menawa ilmu gaib kayata ilmu sing diduweni dening dhukun, (2) kapitayan lokal masarakat Jawa marang mitos, yaiku gugon tuhon, pralambang, legendha, lan sirikan sing ana ing novel kasebut. Gugon tuhon marang unen-unen utawa pituture wong biyen. Menawa pralambang arupa anane tandha menawa ana tetuwuhan thukul, kewan padha teka, lan kahanan sing dumadi. Legendhane yaiku legendha ngenani Gunung Gambar. Pungkasan yaiku ngenani sirikane masarakat Gunung Kidul, (3) kawusanane kapitayan lokal masarakat Jawa kaperang dadi loro, kaping sepisan yaiku kawusanan positipe ndadekake masarakat bisa nguri-uri anane kapitayan Jawa, kaping pindho yaiku kawusanan negatipe masarakat dadi nyalahgunakake kapitayan kasebut kanggo tumindak musrik, lan (4) pamawase masarakat ngenani kapitayan lokal ana ing bebrayan Jawa yaiku masarakat akeh sing isih pitaya marang mistis lan mitos kayata isih mitayani anane lelaku spiritual awujud pasa, lek-lekan, lan kothekan, bangsa alus arupa wewe, pocongan, lan sapiturute, wangsit arupa impen lan gegambaran gaib, ilmu gaib dening dhukun, gugon tuhon arupa pitutur luhur, legendha dumadine sawijine papan, lan sirikan arupa kuwalat lan ora ilok.

Tembung-tembung wigati: kapitayan lokal, mistis, mitos






Published
2019-06-27
How to Cite
DWI LESTARI, W., & SULISTIANI, S. (2019). Kapitayan Lokal Masarakat Jawa sajrone Novel Pulung Gantung Tali Pati Anggitane Iman Budhi Santosa (Tintingan Antropologi Sastra). JOB (Jurnal Online Baradha), 7(2). https://doi.org/10.26740/job.v7n2.p%p
Section
Articles
Abstract Views: 59
PDF Downloads: 61