LAKON SEKARTAJI KEMBAR SAJRONE WAYANG THIMPLONG ING KABUPATEN NGANJUK (TINTINGAN ETNOPUITIKA)

Authors

  • LUTFIANA NAFIAH
  • SUKARMAN

DOI:

https://doi.org/10.26740/job.v7n2.p%25p

Abstract

Abstrak

Wayang Thimplong minangka jinis wayang kayu saka kabupaten Nganjuk. Ki Suyadi minangka dhalang kang isih ngrembakakake wayang kasebut. Sawijine lakon kang narik kawigaten panliti yaiku lakon Sekartaji Kembar, amarga basa kang digunakake dening dhalang nalika nyuguhake lakon kasebut ngandhut unsur kaendahan kang bisa ditliti nggunakake tintingan etnopuitika. Adhedhasar jlentrehan ing ndhuwur, underaning panliten yaiku: (1) kepriye struktur dramatik lakon Sekartaji Kembar? (2) kepriye wujud etnopuitika sajrone lakon Sekartaji Kembar? (3) kepriye fungsi etnopuitika lakon Sekartaji Kembar? (4) kepriye pamawase masyarakat ngenani wayang Thimplong? Panliten iki nduweni ancas kanggo ngandharake struktur dramatik, wujud etnopuitika, fungsi etnopuitika sajrone lakon Sekartaji Kembar, lan ngandharake pamawase masyarakat ngenani wayang Thimplong. Paedah panliten iki yaiku nambahi kawruh anyar kanggo panliti, sarana referensi, dhokumentasi, nuwuhake rasa tanggung jawab marang kabudayan. Konsep kanggo panliten iki saka Endraswara ngenani Etnopuitika yaiku tinjauan folklor saka sisi kaendahan, digayutake karo bangsa kang nduweni folklor kasebut. Panliten iki kalebu panliten dheskriptif kualitatif. Sumber dhata kang digunakake yaiku rekaman video lakon Sekartaji Kembar Ki Suyadi kang ditranskrip minangka dhata panliten iki. Dene asile panliten saka struktur dramatik kang kapisan ngenani tema lakon Sekartaji kembar arupa tema mayor lan minor. Paraga sajrone lakon Sekartaji Kembar yaiku Dewi Sekartaji, Prabu Jaka, Kyai Kedrah lan liya-liyane. Alur kang digunakake yaiku alur maju. Latar lakon iki yaiku latar crita, wektu lan kahanan sosial. Amanat sajrone lakon iki ngenani tumindake manungsa ing panguripan iki. Panliten babagan etnopuitika sajrone teks pedhalangan antarane basa pedhalangan lan sastra pedhalangan kayata janturan, suluk, paribasan, lan liya-liyane. Fungsi etnopuitika sajrone lakon Sekartaji Kembar yaiku fungsi kesadharan lan emosi. Panliten ngenani pamawas masyarakat iki diperang dadi loro yaiku golongan kang mangerteni lan ora mangerteni ngenani wayang Thimplong, uga anane pamawas masyarakat ngenani basa pewayangan. Tembung-tembung wigati: wayang Thimplong, etnopuitika



Downloads

Download data is not yet available.

Downloads

Published

2019-07-05

How to Cite

NAFIAH, L., & SUKARMAN. (2019). LAKON SEKARTAJI KEMBAR SAJRONE WAYANG THIMPLONG ING KABUPATEN NGANJUK (TINTINGAN ETNOPUITIKA). Jurnal Online Baradha, 7(2). https://doi.org/10.26740/job.v7n2.p%p

Issue

Section

Articles
Abstract views: 49 , PDF Downloads: 109