MITOS BUNG KARNO ING KOMPLEKS WISATA MAKAM BUNG KARNO KUTHA BLITAR

  • CHRISTYA OKA MAHARDIKA
  • YOHAN SUSILO

Abstract

ABSTRAK

Mitos yaiku crita kang asipat suci lan nduweni wujud simbolik. Salah siji mitos kang misuwur lan isih dipercaya ing Kutha Blitar yaiku mitos ngenani Ir. Sukarno utawa Bung Karno. Adhedhasar andharan kasebut, panliten iki nduweni underan, yaiku (1) Kepriye mula bukane mitos Bung Karno ing KWMBK Kutha Blitar, (2) Mitos apa wae kang ana ing KWMBK?, (3) Kepriye fungsi kang kinandut sajrone mitos Bung Karno ing KWMBK?, lan (4) Kepriye persepsi masyarakat tumrap mitos Bung Karno ing KWMBK?. Tujuwan panliten iki ngandharake underan panliten kasebut. sss

Paedah saka panliten iki kanggo pamaca supaya asil panliten iki bisa menehi informasi ngenani sejarah, fungsi, tradhisi lan kapitayan, sarta persepsi masyarakat ngenani Mitos Bung Karno. Kanggo panulis, supaya bisa nambah kawruh ngenani folklor kang ana ing dhaerahae dhewe. Kanggo panliti liyane, supaya bisa dadi referensi sajrone panlitene sing bacute sarta bisa dadi semangat sajrone nglakoni panliten folklor. Paedah kanggo pamrentah Kutha Blitar, mligine ing babagan kabudayan lan pariwisata supaya bisa didadekake bahan dhokumentasi lan bisa ngrembakakae folklor ing Kutha Blitar. Dene kanggo masyarakat sakupenge KWMBK supaya bisa dadi sumber informasi ngenani Mitos Bung Karno ing KWMBK Kutha Blitar sarta minangka sumber dhokumentasi piwulang tumrap bocah-bocah.

Panliten iki nggunakake tintingan folklor. Konsep folkor Danandjaja kanggo ngudhari wujud folklor, fungsi/pigunane mitos nggunakake konsep Bascom, teori semiotik miturut Pierce, banjur ngenani resepsi saka masyarakat nggunakake konsep saka Lantini. Panaliten iki nggunakake ancangan kualitatif kanthi metodhe deskriptif. Metodhe lan teknik ngumpulake dhata kanthi cara observasi, wawancara, dokumentasi lan kuesioner. Tatacarane ngolah lan nganalisis dhata yaiku nggunakake transkrip dhata, verifikasi dhata, identifikasi, kondifikasi, penafsiran lan ngandharake dhata adhedhasar undering panaliten lan menehi dudutan saka asiling panaliten.

Mitos Bung Karno ing KWMBK Kutha Blitar iki ngasilake dudutan yaiku mula bukane mitos Bung Karno adhedhasar pangrembakane KWMBK, mitos Bung Karno kang ana ing KWMBK diperang dadi loro adhedhasar wujude yaiku mitos ngenani pribadine Bung Karno lan mitos ngenani benda-benda kang ana ing KWMBK, fungsi/pigunane mitos Bung Karno yaiku kanggo sarana pangesahan pranata lan lembaga kabudayan, sarana pendhidhikan, lan piranti kanggo meksa lan ngawasi supaya aturan ing bebrayan tetep bisa diugemi. Pungkasane babagan persepsi masyarakat ngenani mitos Bung Karno ing KWMBK kang nduweni pangaribawa gedhe tumrap bidhang pariwisata lan ekonomi saengga mitos Bung Karno ing KWMBK perlu dijaga supaya terus bisa ngundhakake kawigatene wisatawan.

Tembung wigati: folklor, mitos, kompleks wisata Makam Bung Karno.






Published
2019-07-10
How to Cite
OKA MAHARDIKA, C., & SUSILO, Y. (2019). MITOS BUNG KARNO ING KOMPLEKS WISATA MAKAM BUNG KARNO KUTHA BLITAR. JOB (Jurnal Online Baradha), 8(3). https://doi.org/10.26740/job.v8n3.p%p
Section
Articles
Abstract Views: 62
PDF Downloads: 92