DAYANE BASA RINENGGA SAJRONE GEGURITAN ING ANTOLOGI LINTANG GUMAWANG ANGGITANE J.F.X. HOERY

  • MELINDA MAHARANI
  • LATIF NUR HASAN

Abstract

Abstrak

Dayane basa rinengga sajrone geguritan mujudake efek sing dituwuhake lumantar rerenggane tembung-tembung lan basa dening panggurit. Karenggane basa sajrone geguritan nuduhake titikan panggurit ngripta reriptan sastrane. Salah siji reriptan sastra Jawa yaiku antologi Lintang Gumawang anggitane J.F.X. Hoery sing nduweni lelewane basa kanthi nuwuhake dayane geguritan iku dhewe lumantar basa rinengga. Panliten iki bakal ngrembug ngenani (1) kepriye pandhapuke basa rinengga, (2) apa wae dayane basa rinengga, lan (3) apa wae piguna dayane basa rinengga. Ancas panliten iki yaiku njlentrehake pandhapuke basa rinengga, dayane basa rinengga, lan piguna dayane basa rinengga sajrone geguritan ing antologi Lintang Gumawang anggitane J.F.X. Hoery.

Panliten iki kalebu panliten dheskriptif kualitatif sing nggunakake metodhe analisis isi. Tintingan sing digunakake sajrone panliten iki yaiku tintingan stilistika lan disengkuyung pamarekan hermeneutika. Sumber dhata sajrone panliten iki arupa geguritan kapilih ing antologi Lintang Gumawang anggitane J.F.X. Hoery. Dhata sing digunakake ing panliten iki arupa pethikan tembung, frasa, lan ukara sajrone geguritan.

Adhedhasar panjlentrehan sing wis ditindakake, asile panliten iki nuduhake yen geguritan sing diripta J.F.X. Hoery ing antologi Lintang Gumawang nduweni titikan sing beda karo reriptan geguritan liyane. Titikane bisa kawawas lumantar pandhapuke basa rinengga kanthi cara ngowahi makna, ngripta makna, nggunakake tembung kawuwuhan, tembung rinangkep, pepindhan, purwakanthi, kanggo nuwuhake daya kognitif, daya afektif, lan daya psikomotorik, sarta nengenake aspek sosial lan aspek spiritual.

Tembung-tembung wigati: pandhapuk, daya, piguna, basa rinengga, geguritan.





Published
2019-07-10
How to Cite
MAHARANI, M., & NUR HASAN, L. (2019). DAYANE BASA RINENGGA SAJRONE GEGURITAN ING ANTOLOGI LINTANG GUMAWANG ANGGITANE J.F.X. HOERY. JOB (Jurnal Online Baradha), 8(3). https://doi.org/10.26740/job.v8n3.p%p
Section
Articles
Abstract Views: 123
PDF Downloads: 82