Tuturan Dhirektif Sajrone Proses Dol Tinuku Ing Dhusun Bahoro Desa Banjarworo Kecamatan Bangilan Kabupaten Tuban

Authors

  • ARI PUTRA KURNIAWAN
  • SURANA

DOI:

https://doi.org/10.26740/job.v8n3.p%25p

Abstract

Abstrak

Basa minangka piranti kang baku ing proses komunikasi. Panganggone basa kang werna-werna minangka sarana pilihan kanggo ngekspresikake kekarepan saben pawongan. Kekarepan manungsa kadhang kala mbutuhake panyengkuyung saka manungsa liyane, kaya dene pakaryan dol tinuku. Panliten iki njupuk obyek wong-wong sing cecaturan ing Dusun Bahoro Desa Banjarworo Kecamatan Bangilan Kabupaten Tuban lan punjere panliten iki cundhuk klawan wujud dhirektif sing kadeleng saka legeyane panutur lan pananggape mitra tutur.

Dhasar panliten iki yaiku nganani dhirektif sing mijil saka legeyane panutur lan pananggape mitra tutur. Ancas saka panliten iki yaiku ngandharake kepriye wae wujud dhirektif sing katuturake dening pawongan sing ana ing Dusun Bahoro Desa Banjarworo Kecamatan Bangilan Kabupaten Tuban. Paedah teoritis saka panliten iki yaiku bisa menehi sumbangsih marang panliten ngenani panganggone basa. Paedah praktise supaya bisa migunani tumrap pasinaon pragmatik.

Panliten iki minangka panliten pragmatik awit ngrembug basa sing ana sesambungane klawan kahanan sosial kang ana ing bebrayan. Panliten iki sipate yaiku deskriptif kanthi teori sing dikemukakake dening Searle. Metodhe kang kagunakake yaiku metodhe deskriptif kualitatif. Dhata saka panliten iki kajupuk saka observasi ing lapangan kanthi dhata sing diolehi saka sumber dhata. Sumber dhata ing kene yaiku pacaturan dol tinuku sung ditindakake dening bakul lan panuku ing Dusun Bahoro Desa Banjarworo Kecamatan Bangilan Kabupaten Tuban.

Dhirektif sajrone pacaturan dol tinuku ing Dusun Bahoro Desa Banjarworo Kecamatan Bangilan Kabupaten Tuban kajupuk saka legeyane panutur sing blaka-ora blaka, langsung-ora langsung. Sarta pananggape mitra tutur sing nampa-nampik, lan nindakake-ora katindakake.

Asil saka panliten iki yaiku dhirektif kang mijil saka tuturan masyarakat dhusun kasebut dijupuk saka lageyane panutur lan pananggape mitra tutur. Lageyane panutur diperang dadi papat yaiku blaka langsung, blaka ora langsung, ora blaka langsung lan ora blaka ora langsung. Saka pananggape mitra tutur kaperang dadi papat yaiku katampa katindakake, katampa ora katindakake, katampik katindakake, lan katampik ora katindakake.

Tembung Wigati: Dhirektif, Pacaturan, Dol tinuku, Dusun Bahoro, Pragmatik



Downloads

Download data is not yet available.

Downloads

Published

2019-07-12

How to Cite

PUTRA KURNIAWAN, A., & SURANA. (2019). Tuturan Dhirektif Sajrone Proses Dol Tinuku Ing Dhusun Bahoro Desa Banjarworo Kecamatan Bangilan Kabupaten Tuban. Jurnal Online Baradha, 8(3). https://doi.org/10.26740/job.v8n3.p%p

Issue

Section

Articles
Abstract views: 44 , PDF Downloads: 27