PANEMTU PANYETHA ING SEMANTIK GRAMATIKAL ARUPA TEMBUNG SESULIH PANUDUH

Authors

  • BIMBI OKTAVIA
  • MURDIYANTO

DOI:

https://doi.org/10.26740/job.v8n3.p%25p

Abstract


abstrakPanliten penemtu panyetha arupa tembung sesulih panuduh (definitife determiners) salah sawijining bagean saka panemtu (determiner). Panemtu kasebut nduweni makna ngenani tembung utawa ukara kang nyethakake idhentitas tembung aran. Adhedhasar bab kasebut rumusan masalah iki yaiku, kepriye jinise panemtu panyetha kang arupa tembung sesulih panuduh adhedhasar wujud, guna, lan kalungguhan? Tujuwan panliten iki yaiku, njlenterhake jinis panemtu panyetha arupa tembung sesulih panuduh adhedhsar wujud, guna, lan kalungguhan. Landhesane teori sing digunakake sajrone panliten iki, yaiku teori transformasi generatif. Tata makaryane teori transformasi generatif diperang dadi telu adhedhasar triaspek sintaksis yaiku wujud, guna, lan kalungguhan.

Panliten iki kalebu panliten jinis linguistik sinkronis asipat deskriptif amarga adhedhasar kasunyatan basa kang ana utawa kahanan kanthi empiris urip ing pribadhine wong kang cecaturan kanthi tujuwan arupa gegambaran basa kang faktual lan akurat. Sumber dhatane yaiku awujud karya sastra, lan dudu sastra ing kalawarti basa Jawa Jayabaya 2015. Dhata sing digunakake panliten iki awujud teks tulis. Dhata dikumpulake kanthi nggunakake teknik catet. Tatacarane njlentrehake dhata ing panliten iki nggunakake metode agih. asile njlentrehake dhata disuguhake nggunakake metodhe formal lan informal.

Panemtu panyetha ing semantik gramatikal arupa tembung sesulih panuduh adhedhasar makna struktural sajrone panliten iki diperang dadi enem yaiku (1) panemtu panyentha ing semantik gramatikal arupa tembung sesulih panuduh lumrah (2) panemtu panyentha ing semantik gramatikal arupa tembung sesulih panuduh papan (3) panemtu panyentha ing semantik gramatikal arupa tembung sesulih panuduh modhal (4) panemtu panyentha ing semantik gramatikal arupa tembung sesulih panuduh ner (5) panemtu panyentha ing semantik gramatikal arupa tembung sesulih panuduh cacah (6) panemtu panyentha ing semantik gramatikal arupa tembung sesulih panuduh wektu.

Tembung wigati: Panemtu Panyetha, Kata Ganti Penunjuk, Triaspek Sintaksis





Downloads

Download data is not yet available.

Downloads

Published

2019-07-12

How to Cite

OKTAVIA, B., & MURDIYANTO. (2019). PANEMTU PANYETHA ING SEMANTIK GRAMATIKAL ARUPA TEMBUNG SESULIH PANUDUH. Jurnal Online Baradha, 8(3). https://doi.org/10.26740/job.v8n3.p%p

Issue

Section

Articles
Abstract views: 110 , PDF Downloads: 83