DUMADINE JAGAD SAJRONE TEKS WIDYA KIRANA (TINTINGAN FILSAFAT)

  • MOHAMAD IQBAL MIFTAHUL FAIZIN
  • BAMBANG PURNOMO

Abstract

Abstrak

Jagad mujudake sekabehe bab kang ana neng jagad gumelar kang nduweni proses dumadine. Pamikiran-pamikiran para filsuf ngenani jagad diwujudake arupa teori-teori filsafat. Para pangripta karya sastra mligine karya sastra Jawa klasik anggone ngripta sawijine karya sastra nglebokake aspek-aspek filsafat kasebut marang karya sastrane. Underaning panliten, yaiku: (1) kepriye karakteristik teks Widya Kirana, (2) kepriye aspek filosofise teks Widya Kirana awujud dumadine jagad, (3) kepriye nilai kang kinandhut sajrone teks Widya Kirana. Ancas saka panliten yaiku: (1) njlentrehake karakteristik teks, (2) njllentrehake aspek filosofise teks Widya Kirana awujud dumadine jagad, (3) njlentrehake nilai kang kinandhut sajrone teks Widya Kirana.

Teori kang digunakake yaiku teori kaya kang diandharake dening Endraswara yaiku minangka ilmu kearifan kang ngrembug samubarang sajrone panguripan. Miturut teori kasebut ilmu filsafat nduweni telung aspek yaiku ontologi, epistemologi, lan aksiologi. Katelu aspek kasebut bakal digunakake kanggo nganalisis teks Widya Kirana.

Panliten iki kalebu panliten kualitatif kang asipat deskriptif. Asil transliterasi teks Widya Kirana dadi sumber dhata. Pethikan kang awujud tembung, ukara, lan wacana sajrone teks Widya Kirana minangka dhata kang dianalisis. Anggone ngumpulake dhata kanthi teknik axial coding utawa merang-merang.

Asiling panliten nuduhake (1) karakteristik teks Widya Kirana yaiku irah-irahan, ukuran lan kahanan, panulisan lan wektu panulsan, basa, wujud, lan isi. (2) aspek filosofis sajrone dumadine jagad yaiku dumadine rembulan, lintang, srengenge, swasana, tirta, rina wengi, segara, maruta, ebun, trimurti, tripurusa, wiji, bumi, asil tambang, thethukulan lan kewan, apsara-apsari, lan manungsa. (3) Nilai-nilai kang kinandhut sajrone teks Widya Kirana ana papat yaiku welas asih, ngedohi sipat murka, tirakat, lan salat.

Tembung wigati : teks Widya Kirana, filsafat, karakteristik, jagad, aspek filosofis





Published
2019-07-16
How to Cite
IQBAL MIFTAHUL FAIZIN, M., & PURNOMO, B. (2019). DUMADINE JAGAD SAJRONE TEKS WIDYA KIRANA (TINTINGAN FILSAFAT). JOB (Jurnal Online Baradha), 8(3). https://doi.org/10.26740/job.v8n3.p%p
Section
Articles
Abstract Views: 148
PDF Downloads: 99