MAKNA LAN FUNGSI UJUB SAJRONE TRADHISI ING KECAMATAN TROWULAN KABUPATEN MOJOKERTO (KAJIAN FOLKLOR)

Authors

  • MEI AYU ROHATININGSIH
  • SUWARNI

DOI:

https://doi.org/10.26740/job.v8n3.p%25p

Abstract

Abstrak

Ujub yaiku wujud tuturan kang diucapake tukang ujub kang lumrahe ngujubake slametan sawise asahan cumawis miturut niyat kajate slametan. Ujub yaiku ngandharake teges lan piguna saben perangane asahan utawa ambeng, banjur dipasrahake marang Gusti Kang Maha Kuwasa lan para danyang kang mbahureksa. Underane panliten yaiku: 1) Apa tegese ujub sajrone tradhisi ing Kecamatan Trowulan Kabupaten Mojokerto?; 2) Kepriye wujud ujub sajrone tradhisi?; 3) Kepriye makna ujub sajrone tradhisi?; 4) Kepriye fungsi ujub ing satengahe masyarakat?. Tujuwan saka panliten iki yaiku: 1) Ngandharake tegese ujub sajrone tradhisi ing Kecamatan Trowulan Kabupaten Mojokerto, 2) Ngandharake wujud ujub sajrone tradhisi, 3) Ngandharake makna ujub sajrone tradhisi, 4) Ngandharake fungsine ujub ing satengahe masyarakat.

Panliten iki nduweni paedah teoretis lan paedah praktis. Paedah Teoretis yaiku: 1) Menehi sumbangan tumrap pangrembakane kawruh kabudayan Jawa mligine tradhisi, 2) Menehi panyengkuyungan kanggo nguri-uri tradhisi budaya Jawa, 3) Nambahi kawruh lan wawasan tumrap panyinaon budaya Jawa mligine bab tradhisi. Paedah Praktis yaiku: 1) Tumrap Panliti, kanggo nambahi wawasan sajrone ngrembakake budaya lan tradhisi lisan, 2) Tumrap Pamaca, minangka pangrembakane ilmu kang gegayutan karo budaya lan tradhisi lisan.

Konsep kang digunakake kanggo ngonceki tegese ujub yaiku konsep pewara pamawas saka Arief (2009). Konsep folklor saka Danandjaja (2002) kanggo ngonceki wujud ujub. Konsep semiotik saka Pradopo kanggo ngonceki makna ujub. Konsep fungsi kang digunakake pamawas saka R. Bascom. Makna lan fungsi ujub ditintingi kanthi metodhe dheskriptif kualitatif kanthi pendhekatan folklor. Obyek kang ditliti tuturan ujub. Instrumen panliten yaiku panliti, pedhoman observasi, lan dhaftar pitakonan. Teknik nglumpukake kanthi cara observasi, wawancara, rekaman, cathetan, transkripsi lan dhokumentasi. Analisis dhata nggunakake metodhe hermeneutika.

Ujub kalebu folklor lisan, amarga awujud tuturan. Wujud ujub sajrone tradhisi yaiku tuturan ujub kang diucapake tukang ujub nalika ngujubake. Makna saka ujub yaiku makna saben asahan kang ana nalika slametan. Fungsi ujub yaiku: minangka sistem proyeksi, minangka piranti pengsahan pranata-pranata lan lembaga kabudayan, minangka piranti panggulawenthah anak, minangka piranti pengawas norma-norma masyarakat lan fungsi liya-liyane.

Tembung-tembung wigati: Tradhisi, Makna, Fungsi, Ujub






Downloads

Download data is not yet available.

Downloads

Published

2019-07-16

How to Cite

AYU ROHATININGSIH, M., & SUWARNI. (2019). MAKNA LAN FUNGSI UJUB SAJRONE TRADHISI ING KECAMATAN TROWULAN KABUPATEN MOJOKERTO (KAJIAN FOLKLOR). Jurnal Online Baradha, 8(3). https://doi.org/10.26740/job.v8n3.p%p

Issue

Section

Articles
Abstract views: 87 , PDF Downloads: 77