CAMPUR KODE BASA JAWA MALANGAN SAJRONE AKUN INSTAGRAM IKI MALANG

  • SITI NURHAYATI
  • UDJANG PAIRIN

Abstract

ABSTRAK

Basa Jawa Malangan mujudake salah sawijine keanekaragam basa kang ana ing Indhonesia. Basa Malangan mujudake titikan kang khas ing Kutha Malang. Basa Malangan nduweni aturan kang baku. Basa Malangan akeh digunakake masyarakat kutha Malang wiwit biyen. Nanging, ing jaman saiki akeh masyrakat kutha Malang kang nyisipake tembung-tembung basa Jawa Malangan kang dicampur karo basa Indhonesia utawa basa Inggris. Kedadaean nyampure rong basa kang didadekake siji iki bisa nuwuhake kedadean campur kode.

Campur kode mujudake panggunane rong basa utawa luwih kanthi nglebokake unsur-unsur basa siji menyang basa liyane. Sajrone kahanan bebasan asring ditemoni rong pawongan utawa luwih nyampur luwih saka siji basa. Nyampure basa kuwi bisa nunjang kekomunikatifan pesen kang bakal disampekake. Campur kode ing babagan iki bisa kedadean tanpa disadari. Panutur ing tahap sinau asring kangelan saengga isih nduweni potensi campur kode amarga kabisane kang kurang sajrone nguwasani kode kasebut.

Panliten iki nduweni ancas kanggo ngandharake lan njlentrehake babagan-babagan (1) ngenani wujud campur kode kang ana sajrone basa Jawa Malangan ing akun instagram Iki Malang lan (2) Ngandharake lan njlentrehake dhata lan informasi ngenani landhesane anane campur kode kang ana sajrone basa Jawa Malangan ing akun instagram “Iki Malang”. Panliten iki nduweni tujuwan kanggo ngasilakae dheskripsi ngenani wujud campur kode kang ana sajrone basa Jawa Malangan ing akun instagram Iki Malang. Panliten iki kalebu jinise panliten dheskriptif kanthi pamarekan kualitatif..

Asil panliten iki yaiku deskripsi ngenani wujud campur kode basa Jawa Malangan sajrone akun isntagram Iki Malang lan panyebab anane kedadaean campur kode basa Jawa Malangan ing akun instagram Iki Malang. Campur kode basa Jawa Malangan sajrone akun instagram Iki Malang kang awujud tembung ana 33 kedadean, awujud frasa ana 8 kedadean lan awujud klausa ana 5 kedadean. Panyebab campur kode amarga anane wewatesan padhanan tembung kang digunakake ana 7 kedadean, amarga pihak kaloro ana 4 kedadean, amarga kurang nguwasani basa kang digunakake ana 5 kedadean lan anane unsur prestise ana 7 kedadean.

Tembung-tembung wigati: campur kode, basa Malangan, instagram



Published
2019-07-22
How to Cite
NURHAYATI, S., & PAIRIN, U. (2019). CAMPUR KODE BASA JAWA MALANGAN SAJRONE AKUN INSTAGRAM IKI MALANG. JOB (Jurnal Online Baradha), 8(3). https://doi.org/10.26740/job.v8n3.p%p
Section
Articles
Abstract Views: 45
PDF Downloads: 33