KADIGDAYANE WANITA MINANGKA SAKA GURUNE BALE WISMA SAJRONE NOVEL TRILOGI ANGGITANE NARKO “SODRUN” BUDIMAN

  • PUTRI NUR ARIFIANTI
  • BAMBANG PURNOMO

Abstract

ABSTRAK

Novel minangka sawijining sastra kang tuwuh saka pangaribawane sastra Indonesia. Novel minangka reriptan sastra (fiksi) kang nyritakake sawijine kedadeyan wigati saka panguripane manungsa. Salah sawijine yaiku njlentrehake prakara-prakara sosial kang ana sesambungane karo aspek-aspek kamanungsan, disuguhake kanthi luwih jero lan rowa, ora ringkes kaya dene cerkak. Novel kang ngandhut bab kasebut, salah sawijine yaiku novel trilogi anggitane Narko “Sodrun” Budiman kang uga minangka objek saka panliten iki.

Kadigdayane wanita ing bale wisma mujudake sawjine prakara sosial kang ana sesambungane karo bab kamanungsan. Sajrone novel trilogi anggitane Narko “Sodrun” Budiman, kadigdayane wanita bisa dideleng saka kemampuan paraga utama wanita Anisa kang ngupaya mrantasi prakara bale wismane lan mertahanake kahanan bale wismane supaya tansah ketata, mula wanita kudu gelem lan wani ing tata. Kadigdayane wanita sajrone novel trilogi iki ora nuduhake kadigdayan wanita kanggo nuntut hak-hak pribadi minangka wanita, nanging kadigdayane wanita mrantasi prakara-prakara sosial bale wismane kanthi kebak tanggung jawab tanpa lirwa nglaksanakake jejibahane minangka ibu rumah tangga, mula panliten iki nggunakake tintingan sosiologi sastra.

Underane panliten sajrone novel trilogi anggitane Narko “Sodrun” Budiman yaiku (1) kepriye gegambaran kadigdayane paraga utama wanita, (2) kepriye gegambarane dredah sajrone bale wisma, (3) kepriye aktualitas kadigdayane paraga utama wanita sajrone novel trilogi menawa digayutake karo kanyatan ing satengahe bebrayan. Laras karo underane panliten, ancase saka panliten iki yaiku (1) ngandharake gegambaran kadigdayane paraga utama wanita, (2) ngandharake gegambarane dredah sajrone bale wisma, lan (3) ngandharake aktualitas kadigdayane paraga utama wanita sajrone novel trilogi menawa digayutake karo kanyatan ing satengahe bebrayan. Paedahe panliten iki yaiku ngrembakakake panliten sastra mligine sastra Jawa modhern, bisa nambahi kawruh tumrap pamaca, lan bisa didadekake bahan rujukan dening panliti sabanjure. Metodhe panliten kang digunakake yaiku metodhe dheskriptif kualitatif. Sumber dhatane panliten arupa novel trilogi lan medhia massa arupa internet, dene dhatane panliten yaiku pethikan ukara-ukara sajrone novel trilogi lan pethikan pawarta-pawarta utawa crita inspiratif kang asale saka medhia massa internet.

Asile panliten iki bisa diperang dadi telu adhedhasar underane panliten. Sepisan, gegambaran kadigdayane paraga utama wanita Anisa sajrone novel, nalika mrantasi prakara-prakara ing bale wismane kang dianalisis adhedhasar pamarekan sosiologi sastra lan disengkuyung unsur pamangune fiksi yaiku paraga lan pamaragan. Kapindho, gegambaran dredah sajrone bale wismane Anisa lan Purnomo ing novel trilogi diperang dadi telu yaiku dredah ngenani anak, dredah ngenani ekonomi, lan dredah ngenani kulawarga. Telung perangan kuwi didudhah adhedhasar pamarekan sosiologi sastra. Pungkasan, aktualitas kadigdayane paraga utama wanita sajrone novel trilogi menawa digayutake karo kanyatan ing satengahe bebrayan jaman saiki. Kanyatan sosial kasebut sumbere saka pawarta-pawarta utawa crita inspiratif ing medhia massa internet

Tembung-tembung wigati: Kadigdayan, saka gurune, lan bale wisma.






Published
2019-07-25
How to Cite
NUR ARIFIANTI, P., & PURNOMO, B. (2019). KADIGDAYANE WANITA MINANGKA SAKA GURUNE BALE WISMA SAJRONE NOVEL TRILOGI ANGGITANE NARKO “SODRUN” BUDIMAN. JOB (Jurnal Online Baradha), 8(3). https://doi.org/10.26740/job.v8n3.p%p
Section
Articles
Abstract Views: 89
PDF Downloads: 78