LELAGON JARWAN GRUP BAND PENTUL KUSTIK LAN LELAGON BARAT (TINTINGAN SASTRA BANDHINGAN)

Authors

  • SHELVY SANDRAWATI
  • DARNI

DOI:

https://doi.org/10.26740/job.v8n3.p%25p

Abstract

ABSTRAK

Pentul Kustik minangka youtuber kang duwe titikan khas, yaiku ngripta lelagon Jawa asil terjemahan saka lelagon barat kang nganggo basa asing. Grup Band kang dipandhegani dening Topan Yuro, Raphael Argase, Rosa Andhika, Yoga Kiswara, lan Ixnatius Damar kalebu sawijine grup kang prodhuktif. Iki bisa dideleng saka akehe lagu kang diripta saka asil terjemahane lagu barat. Cakepan kang diripta dening Pentul Kustik uga narik kawigaten tumrape panliten, saengga ndadekake lelandhesan anggone panliten kepengn nliti. Panliten iki nggunakake tintingan sastra bandingan, amarga panliten pengin mangerteni bedane cakepan asli yaiku kang nggunakake basa barat lan cakepan asil pangripta Pentul Kustik kang wis mawa basa Jawa.

Underan panliten iki yaiku (1) Kepriye kreativitas panjarwa sajrone lelagon Jawa jarwan? (2) Kepriye makna kang kinandhut sajrone lelagon Jawa Jarwan lan lelagon Barat? Dene ancase panliten iki yaiku (1) Kanggo mangerteni tingkat kreativitase panjarwa sajrone njarwakake lelagon Jawa asil jarwan. (2) Kanggo njlentrehake makna kang kinandhut sajrone lelagon Jawa asil jarwan lan Lelagon Barat. Panliten iki mujudake sawijine panliten kang asipat dheskriptif kualitatif komparatif. Pamilihe tembung ing panliten iki uga dadi kawigaten tumrap panliti, amarga pamilihe tembung bisa ndadekake titikan utawa daya kreativitase pangripta.

Sawuse njingglengi objek panliten bisa kaandharake bab kreativitase Pentul Kustik kanthi jlentreh kaya ing ngisor iki. Lelagon mawa basa Inggris mau bisa dijarwakake kanthi kreativitas pilihan tembung: 1) Pamilihe tembung nganggo wujud tembung apa anane yaiku, pangripta njarwakake lagu-lagu barat nganggo basa Jawa tanpa ngowahi dawa cendhake wilangan lan pas tegese. 2) Pamilihe tetembungan kang bisa dijarwakake kanthi pas, kanthi nylarasake structure basa Jawa. 3) Kajarwakake nganggo tembung liya kang tegese padha utawa meh padha. Kanthi mangkono panjarwa kudu pinter golek tetembungan kang mathis, supaya tembung kang dipilih bisa pas karo titilaras lan tegese. Dene bab makna kaperang dadi loro, yaiku lelagon kang duwe makna Tresna marang Jalu estri lan lelagon kang duwe makna tresna marang Gusti.

Tembung Wigati: Lelagon, Kreatifitas, Sastra






Downloads

Download data is not yet available.

Downloads

Published

2019-07-25

How to Cite

SANDRAWATI, S., & DARNI. (2019). LELAGON JARWAN GRUP BAND PENTUL KUSTIK LAN LELAGON BARAT (TINTINGAN SASTRA BANDHINGAN). Jurnal Online Baradha, 8(3). https://doi.org/10.26740/job.v8n3.p%p

Issue

Section

Articles
Abstract views: 43 , PDF Downloads: 67