MAJAS ALEGORI SAJRONE ANTOLOGI GEGURITAN KIDUNG LINGSIR WENGI ANGGITANE SUHARMONO KASIYUN

Authors

  • BAKHTIAR NURMALA SARI
  • DARNI

DOI:

https://doi.org/10.26740/job.v8n3.p%25p

Abstract

Abstrak

Majas alegori yaiku majas kang dadi style utawa gaya sajrone antologi geguritan anggitane Suharmono Kasiyun. Guritan kang digambarake dening Suharmono Kasiyun yaiku guritan kang ngandhut makna kiasan. Makna kiasan neng kene tegese yaiku panguripane manungsa kang ana gegayutane karo werna, kewan, tetuwuhan, alam, kahanan, lan manungsa. Panliten iki bakal ngrembug (1) Kepriye majas alegori kang gegayutan karo kahanan, (2) Kepriye majas alegori kang gegayutan karo alam, lan (3) Kepriye majas alegori kang gegayutan karo manungsa. Ancas panliten iki yaiku njlentrehake majas alegori kang gegayutan karo kahanan, alam lan manungsa sajrone antologi geguritan Kidung Lingsir Wengi anggitane Suharmono Kasiyun.

Pamarekan kang digunakake sajrone panliten iki yaiku pamarekan stilistika. Panliten iki kalebu ing panliten kuwalitatif. Sumber dhata sajrone panliten iki yaiku antologi geguritan Kidung Lingsir Wengi anggitane Suharmono Kasiyun. Dhata kang digunakake sajrone panliten iki yaiku tembung-tembung kang wis dipilih kanggo dhata sajrone antologi geguritan Kidung Lingsir Wengi anggitane Suharmono Kasiyun.

Adhedhasar analisis kang wis ditindakake, asile panliten iki nuduhake yen antologi geguritan Kisung Lingsir Wengi kang dianggit dening Suharmono Kasiyun nduweni titikan dhewe, yaiku samubarang kang biyasa wae, digambarake dening pangripta kanthi kahanan kang ora biyasa. Saliyane panggambaran kang ora biyasa, antologi geguritan kang diserat uga ngandhut romansa. Geguritan kasebut nduweni rasa melankolis kanggo pamaca. Panggambaran sajrone geguritan anggitane Suharmono Kasiyun yaiku lumantar kahanan, kewan, tetuwuhan, manungsa, lan alam. Panggambaran kahanan diperang ana nem yaiku kahanan sedhih, kahanan pasrah, kahanan bungah, kahanan kapang, kahanan trenyuh, lan kahanan panganti-anti. Banjur perangan saka panggambaran alam ana loro yaiku ngenani tetuwuhan lan kewan.

Tembung wigati: alegori kahanan, alegori alam, alegori manungsa.






Downloads

Download data is not yet available.

Downloads

Published

2019-07-25

How to Cite

NURMALA SARI, B., & DARNI. (2019). MAJAS ALEGORI SAJRONE ANTOLOGI GEGURITAN KIDUNG LINGSIR WENGI ANGGITANE SUHARMONO KASIYUN. Jurnal Online Baradha, 8(3). https://doi.org/10.26740/job.v8n3.p%p

Issue

Section

Articles
Abstract views: 72 , PDF Downloads: 106