IMPLIKATUR SAJRONE BASA PANYUWUNAN ING KELURAHAN LIDAH WETAN, KECAMATAN LAKARSANTRI, KUTHA SURABAYA
DOI:
https://doi.org/10.26740/job.v8n3.p%25pAbstract
ABSTRAK
Implikatur utawa makna kang beda sajrone tuturan kerep diprangguli dening wong kang lagi cecaturan karo lawan tuture utawa mitra tutur. Salah sijine nalika nindakake basa payuwunan. Payuwunan nduweni tujuwan supaya mitra tutur nindakake kekarepane panutur kayata ngongkon, takon, nyenyuwun, menehi saran utawa nuturi, menging, lan menehi palilah. Nliti implikatur sajrone basa panyuwunan nduweni paedah sing mirunggan amarga nyinaoni makna kang beda sajrone tuturan.
Punjere panliten yaiku ngenani apa wae jinise implikatur sajrone basa panyuwunan ing Kelurahan Lidah Wetan, Kecamatan Lakarsantri, Kutha Surabaya lan tujuwan implikatur sajrone basa panyuwunan ing Kelurahan Lidah Wetan, Kecamatan Lakarsantri, Kutha Surabaya. Paedah teoritis panliten, yaiku menehi sumbangsih tumrap pangrembakane kajian implikatur basa Jawa, kajian tindak tutur basa Jawa lan linguistik mligine bidhang pragmatik. Paedah praktis panliten, yaiku salah sijine materi kanggo nyinaoni basa mligine bidhang pragmatik ing pawiyatan luhur uga menehi paedah kanggo para panliti implikatur.
Panliten implikatur sajrone basa panyuwunan dilebokake jinis etnografis awit ngrembug basa kang disambungake konteks sosial lan nggunakake teorine Grice. Panliti jupuk dhata panliten ing lapangan. Sumber dhatane saka cathetan alamiah cecaturane mahasiswa sing manggon ing Kelurahan Lidah Wetan, Kecamatan Lakarsantri, Kutha Surabaya. Tatacara nglumpukake dhata kanthi metodhe semak lan wicara. Tatacarane njlentrehake dhata kanthi metodhe distribusional lan dheskriptif. Dene tatacara nyuguhake jlentrehan dhata kanthi metodhe informal.
Asile panliten kaperang dadi loro, yaiku jinise implikatur sajrone basa panyuwunan lan tujuwane implikatur sajrone basa panyuwunan. Jinis implikatur iki ana loro, yaiku (1) implikatur konvensional kang diperang maneh dadi loro, yaiku implikatur konvensional simbolik lan implikatur konvensional non-simbolik. (2) Jinis implikatur konversasional, uga diperang maneh dadi loro, yaiku implikatur konversasional umum lan implikatur konversasional mligi. Uga diweruhi tujuwan implikatur kang kaperang dadi loro, yaiku implikatur kanthi tujuwan ekspresif lan implikatur kanthi tujuwan direktif.
Tembung Wigati: Implikatur, Basa panyuwunan, lan konteks sosial
Downloads
Downloads
Published
How to Cite
Issue
Section

