PIWULANG BAB PANGERAN, KAPANGERANAN SAJRONE “SERAT NGABDUL JALIL” KABANDHINGAKE KLAWAN “SUFISME SYEKH SITI JENAR”

  • YOHANNA PUTRI SEPTYA ARI SANDY
  • BAMBANG PURNOMO

Abstract

ABSTRAK


Serat Ngabdul Jalil (SNJ) ngemot crita ngenani paraga kang asmane Ngabdul Jalil kang uga sinebut Syekh Siti Jenar. SNJ nyritakake kahanane Syekh Siti Jenar nalika nyinaoni ngelmu sejati, wahdatul wujud, ilmu junun, ilmu usuluddin, lan ilmu liyane. SNJ ngandharake bab-bab kang gegayutan klawan lakune Syekh Siti Jenar nalika nyinaoni ilmu-ilmu kasebut marang Sunan Ampel. SNJ uga nyritakake Ki Ageng Sela, kejaba kuwi uga ngrembug piwulang kang diwedharake dening pangriptane serat. Akeh kang ora sarujuk klawan ajaran kang digawa Syekh Siti Jenar ngenani manunggaling kawula Gusti. Kejaba ana kang ora sarujuk, nanging uga ana kang mbenerake apa kang diwawas dening Syekh Siti Jenar. Iki kang narik kawigaten, kepriye tasawuf kang diwulangake dening Syekh Siti Jenar mligine ing SNJ iki. Kejaba piwulang sajrone SNJ, panliten iki uga bakal mbandhingake klawan Sufisme Syekh Siti Jenar (SSSJ) kang uga ngrembug Syekh Siti Jenar.

Ancase saka panliten yaiku kanggo medharake piwulang kang digawa dening syekh Siti Jenar sajrone SNJ lan SSSJ. Panliten iki nggunakake tintingan intertekstualitas amarga medharake serat kang jumlahe loro. Tata carane ninthingi saka gabungan metodhe analisis deskriptif kang asipat komparatif.

Asile panliten yaiku piwulang kang diwulangake dening Ngabdul Jalil sajrone SNJ lan Syekh Siti Jenar sajrone SSSJ nduweni pepadhan babagan salat kang ditindakake yaiku salat wajib lan sunah, sasahidan ngenani kalimah syahadat, laku zuhud lan manunggaling kawula Gusti. Manunggaling kawula Gusti yaiku manunggaling rasa lan kepasrahan dhirine Syekh Siti Jenar marang Pangeran. Dadi kang dipikirake wong ngenani tembunge Syekh Siti Jenar kang ngaku Pangeran kuwi sejatine dudu mangkono. Kuwi mujudake rasa pasrahe Syekh Siti Jenar menawa kabeh kang ana ing dhirine mujudake pangejawantahane Pangeran.

Tembung-tembung wigati : pangeran, kapangeranan, sufisme






Published
2019-07-30
How to Cite
PUTRI SEPTYA ARI SANDY, Y., & PURNOMO, B. (2019). PIWULANG BAB PANGERAN, KAPANGERANAN SAJRONE “SERAT NGABDUL JALIL” KABANDHINGAKE KLAWAN “SUFISME SYEKH SITI JENAR”. JOB (Jurnal Online Baradha), 8(3). https://doi.org/10.26740/job.v8n3.p%p
Section
Articles
Abstract Views: 50
PDF Downloads: 97