SERAT DEWARUCI LAN FILM DEWA RUCI TINTINGAN NILAI BUDAYA

  • GHALANT REENATA
  • SRI SULISTIANI

Abstract

Sastra Jawa dipercaya mujudake salah sijine sarana piwulangan kang paling utama. Ing sastra Jawa ana kang
diarani periodisasi sastra Jawa, Periodisasi sastra Jawa diwiwiti saka sastra Jawa kuna, sastra Jawa pertengahan, sastra
Jawa anyar lan sastra Jawa modern. Sastra Jawa anyar nduweni tetenger kanthi penganggone basa Jawa anyar lan asipat
piwulang lan babad. Piwulang-piwulangan iku adhedhasar pengalaman urip lan kahanan sosial.Piwulangan mau
digethoktularake lumantar karya sastra supaya bisa ngrembaka.
Salah sawijine naskah kang nganti saiki isih digunakake minangka piwulangan lan isih kawentar yaiku Serat
Dewaruci kang isi critane lelakone Werkudara/Bimasena kanggo nggayuh kasampurnane urip. Crita Dewa Ruci iki uga
kawedhar ing Film Dewa Ruci. Film minangka salah sawijine kesenian kang luwih alus tinimbang drama amarga film
nggunakake sudut pandhang, solah bawa, lan latar kang beda-beda. Senajan saka unsur-unsur critane memper karo Serat
Dewaruci, nanging ana perangan-perangan kang ora digambarake dening sutradara sajrone film iki. Kaya dene nilai-nilai
kang ana ing Serat Dewaruci ora kabeh kinandhut ing film taun 2005 iki. Dipilihe rong karya sastra iki minangka objek
saka panliten amarga, durung ana panliten kang mbandhingake rong karya sastra iki.
Adhedhasar landhesan panliten ing ndhuwur underaning panliten kang sesambungan karo interteks sajrone Serat
Dewaruci lan Film Dewa Ruci bisa kaperang kaya mangkene (1)Kepriye struktur critane Film Dewa Ruci lan Serat
Dewaruci? (3) Kepriye nilai-nilai kang ana sajrone Crita Dewa Ruci? Tujuwan panliten ngenani interteks sajrone Serat
Dewaruci lan Film Dewa Ruci, yaiku nggambarake struktur critane Film Dewa Ruci lan Serat Dewaruci, nggambarake
nilai-nilai kang ana sajrone Crita Dewa Ruci.
Paniliten iki nggunakake tintingan nilai budaya. Teori kang digunakake yaiku teori andharane Koentjaraningrat
kanggo ngonceki Nilai budaya ing dhata sakloron. Teori structural nggunakake teori andharane Abrams. Panliten ngenani
kajian nilai budaya iki kalebu panliten dheskriptif kualitatif. Diarani asipat kualitatif amarga dhata-dhata kang
dijlentrehake awujud dhata tulis, dudu awujud angka, diarani asipat dheskriptif amarga dhata-dhata kang wis ana bakal
diandharake lan dijlentrehake struktur lan nilai-nilai budaya. Panliten iki uga asipat komparatif amarga bakal
mbandhingake rong wujud dhata yaiku sastra tulis lan audio visual. Teknik nglumpukake dhata sajrone panliten iki
nggunanake teknik studi pustaka. kanthi system tandha, yaiku kanthi cara menehi tandha marang tembung-tembung, ukara,
lan wacana kang ana sesambungane karo panliten iki.
Asiling panliten iki yaiku (1) nuduhake struktur TNFD lan struktur Serat Dewaruci wiwit saka paraga, pamaragan, latar,
tema lelewane basa lan amanat (2) nuduhake nilai-nilai kang kinandhut sajrone crita Dewa Ruci kaya ta nilai sosial lan
pendhidhikan.
Tembung wigati: Serat, Film lan Nilai Budaya

Published
2019-08-06
How to Cite
REENATA, G., & SULISTIANI, S. (2019). SERAT DEWARUCI LAN FILM DEWA RUCI TINTINGAN NILAI BUDAYA. JOB (Jurnal Online Baradha), 8(3). https://doi.org/10.26740/job.v8n3.p%p
Section
Articles
Abstract Views: 41
PDF Downloads: 168