TRADHISI ING PASAREYAN MBAH BOYOPATIH MEDANG KECAMATAN GLAGAH KABUPATEN LAMONGAN (Tintingan Folklor)

  • DEWI INTAN NUR QOMARIYAH

Abstract

Tradhisi ing Pasareyan Mbah Boyopatih isih kajaga nganti saiki lan nduweni daya pangaribawa kang gedhe
tumrap masyarakat Medang. Tradhisi ing pasareyan tuwuh amarga anane legendha PMB. TPMB uga nduweni sambung
raket karo ngugemi tradhisi Jawa ing Medang. Wujud legendha PMB uga nduweni pangaribawa kang gedhe tumrap
kiwa tengene, bisa kabukten kanthi anane pawongan kang prasasat ora tau sepi tumuju ing pasareyan kasebut saperlu
nindakake ziarah, nadzar lan liya-liyane. Panliten iki ngrembug (1) mula bukane TPMB, (2) Tradhisi ing Pasareyan, (3)
Ubarampe kang nyengkuyung TPMB, (4) Tata laku adicara, (5) Pigunane TPMB.
Ancase panliten iki yaiku ngandharake mula bukane TPMB, tradhisi ing Pasareyan Mbah Boyopatih, ubarampe,
tata laku lan pigunane TPMB tumrap masyarakat panyengkuyunge. Paedah panliten iki, yaiku diajab bisa nambahi
kawruh ngenani sejarah, fungsi, tradhisi utamane TPMB, kanggo nglestarekake kabudayan Jawa saka warisan cikal
bakal TPMB, kanggo dhokumentasi, mligine tumrap masyarakat Medang, dene kanggo panliti liya diajab bisa dadi
referensi lan motivasi nalika nglakoni panliten folklor,
Kanggo ngonceki masalah sajrone panliten nggunakake teori lan konsep kang cundhuk karo masalah kasebut
yaiku kanggo ngonceki bab folklor nganggo teori folklor kang dikutip dening James Danandjaja. Kanggo ngandharake
babagan makna ubarampe nggunakake teori semiotik Pierce.
Panliten iki kalebu panliten kualitatif dheskriptif. Dhata kang dijupuk arupa tetembungan tinulis utawa lisan saka
informan kanthi cara wawancara lan dhokumentasi. Analisis dhata ditindakake kanthi cara menehi interpretasi ing saben
wujud dhata.
Asile panliten iki nuduhake yen TPMB ditindakake ing Pasareyan Mbah Boyopatih kang sesambungan karo
legendhane. Macem tradhisi yaiku tradhisi haul utawa khul, tradhisi nyekar lan nadzar. Ubarampe kang digunakake
TPMB yaiku kembang setaman lan tumpeng. Tata laku saben tradhisi ditindakake kanthi runtut. Pigunane TPMB yaiku
sarana panglipur, sarana pangesahan budaya, sarana pendhidhikan, sarana pengendhali sosial, sarana kanggo shodaqoh,
sarana kanggo nguri-uri kabudayan lan fungsi ekonomi.
Tembung wigati: Tradhisi, Legendha pasareyan, lan Folklor

Published
2019-08-06
How to Cite
INTAN NUR QOMARIYAH, D. (2019). TRADHISI ING PASAREYAN MBAH BOYOPATIH MEDANG KECAMATAN GLAGAH KABUPATEN LAMONGAN (Tintingan Folklor). JOB (Jurnal Online Baradha), 8(3). https://doi.org/10.26740/job.v8n3.p%p
Section
Articles
Abstract Views: 39
PDF Downloads: 92