DAYANING TRESNA SAJRONE NOVEL KATRESNAN KANG ANGKER ANGGITANE PENI (TINTINGAN DHEKONSTRUKSI)

  • DHIVA AGUSTININGRUM
  • BAMBANG PURNOMO

Abstract

ABSTRAK

Novel Katresnan Kang Angker anggitane Peni kalebu salah sawijine novel kang ngrembug tema katresnan. Paraga kang nggambarake katresnan sajrone novel iki yaiku Pitarta, Maineni lan Abimanyu. Tresna sajrone novel Katresnan Kang Angker nduweni daya pangrasa lan nengsemake tumrap pamaca. Tresna ing novel iki nduweni teges kang sinirat saengga bisa nuwuhake pamikiran lan pamawas anyar tumrap pamaca. Panliten iki bakal ngrembug (1) Gegambarane katresnan sajrone Novel Katresnan Kang Angker, (2) Tumindak lan pangaribawa dayaning tresna sajrone Novel Katresnan Kang Angker, (3) Wawasan Dhekonstruksi tumrap Novel Katresnan Kang Angker. Ancase panliten iki yaiku ngandharake karakteristik katresnan sajrone novel, wujud lan pangaribawa saka katresnan, uga wawasan dhekonstruksi tumrap novel.

Pamarekan kang digunakake tumrap panliten iki yaiku dhekonstruksi manut panemune Jaques Derrida. Panliten iki kalebu panliten kualitatif lan migunakake metodhe dheskriptif. Sumber dhata sajrone panliten iki yaiku Novel Katresnan Kang Angker anggitane Peni. Dhata kang digunakake ing panliten iki mujudake dhata verbal, yaiku awujud tembung, frasa utawa ukara.

Asil saka panliten iki bakal nuduhake yen katresnan sajrone novel Katresnan Kang Angker nduweni tresna kang asipat mirunggan tinimbang katresnan umume. Paraga sajrone novel iki ora mung nggambarake tresna kang asipat endah, nanging uga katresnan kang ora endah. Gedhene dayaning tresna bisa ngowahi teges yen katresnan dadi pituna. Pituna kasebut tuwuh saka pamikiran lan tumindak paraga nalika ngadhepi katresnan.

Tembung wigati: Dayaning Tresna, Pangaribawa, Dhekonstruksi, Pituna.






Published
2019-09-20
How to Cite
AGUSTININGRUM, D., & PURNOMO, B. (2019). DAYANING TRESNA SAJRONE NOVEL KATRESNAN KANG ANGKER ANGGITANE PENI (TINTINGAN DHEKONSTRUKSI). JOB (Jurnal Online Baradha), 8(3). https://doi.org/10.26740/job.v8n3.p%p
Section
Articles
Abstract Views: 56
PDF Downloads: 29