TRADHISI JAMASAN PUSAKA ING DHUSUN TANGGUNGAN DESA BALONGREJO KECAMATAN BERBEK KABUPATEN NGANJUK (Tintingan Folklor)
DOI:
https://doi.org/10.26740/job.v9n4.p%25pAbstract
Abstrak
Tradhisi jamasan pusaka kalebu folklor setengah lisan kang ana ing dhusun Tanggungan, Desa Balongrejo, Kecamatan Berbek, Kabupaten Nganjuk, nduweni gegayutan karo kahanan reresik lan Pundhen Mbah Sumber. Tradhisi jamasan pusaka iki beda karo tradhisi Jamasan liyane. Tradhisi Jamasan pusaka ing Dhusun Tanggungan kalebu Tradhisi kang ana sajrone tradhisi Nyadran Dhusun Tanggungan. Anane Tradhisi Jamasan Pusaka gumantung kaanane Tradhisi nyadran ing Dhusun Tanggungan, amarga ana gegayutane karo reresik Dhusun Tanggungan
Panliten iki ngrembug (1) Mula bukane tradhisi jamasan pusaka ing Dusun Tanggungan, (2) ubarampe lan uga maknane kang ana ing Jamasan Pusaka ing dhusun Tanggungan, (3) tata laku sajrone jamasan pusaka ing dhusun Tanggungan, (4) fungsi tradhisi Jamasan pusaka kanggo masyarakat Tanggungan, (5) cara nglestarekake tradhsi jamasan pusaka ing dhusun Tanggungan, (6) pamawase masyarakat dhusun Tanggungan ngenani Tradhisi Jamsan Pusaka. Ancase panliten iki yaiku ngandharake Mula bukane tradhisi jamasan pusaka, ubarampe lan uga maknane, tata laku fungsi lan pamawase masyarakat
Pamarekan kang digunakake sajrone panlien iki yaiku pamarekan miturut panemune Danandjaja lan William R. Bascom. Panliten iki kalebu panliten kuwalitatif dheskriptif. Dhata kang dijupuk arupa tetembungan tinulis utawa lisan saka informan kanthi cara wawancara lan dhokumentasi. Analisis dhata ditindakake kanthi cara menehi interprestasi ing saben wujud dhata.
Asile panliten iki nuduhake Tradhisi jamasan iki kalabu tradhisi kang ana sajrone tradhisi nyadran dhusun Tanggungan, lan nuwuhake kapercayan sajrone Tradhisi Jamasan Pusaka lan kemistisan Pundhen Mbah Sumber. Piguna kang kinandhut sajrone Tradhisi Jamasan Pusaka kasebut yaiku sistem proyeksi, sarana pangesahe kabudayan, sarana panggulawenthah, sarana panentu norma - norma. Kalungguhan Tradhisi lan Pundhen Mbah Sumber tumrap masyarakate yaiku kang awujud masyarakat kang percaya lan ora percaya.
Tembung wigati: Tradhisi jamasan pusaka , lan Folklor
Downloads
Downloads
Published
How to Cite
Issue
Section

