NILAI RELIGIUS SAJRONE TRADHISI RUWATAN ING PUNDHEN SUMBER SUKA DHUSUN NGENDUT KABUPATEN JOMBANG (TINTINGAN FOLKLOR)
DOI:
https://doi.org/10.26740/job.v9n4.p%25pAbstract
AbstrakTradhisi Ruwatan ing pundhen Sumber Suka minangka salah sawijine wujud folklor setengah lisan kang ana ing dhusun Ngendut, Kecamatan Ngoro, Kabupaten Jombang. Tradhisi Ruwatan kang dicekak TR isih dilestarikake dening masyarakat sakupenge. Tadhisi kasebut minangka wujud rasa syukure masyarakat kang wis dadi pakulinan kanggo nyuwun supaya antuk keslametan, diparingi rejeki, lan diadohake saka bebaya. Tradhisi kasebut ditindakake dening masyarakat Ngendut saben setaun pisan yaiku nalika dian Jumat Pahing sawise panen rendheng.
Wujud saka TR iki bakal kadhudhah nggunakake tintingan folklor setengah lisan. Underane panliten, yaiku (1) Kepriye mula bukane TR ing Pundhen Sumber Suka Dhusun Ngendut Kabupaten Jombang, (2) Kepriye tata lakune sajrone TR ing Pundhen Sumber Suka Dhusun Ngendut Kabupaten Jombang, (3) Kepriye ubarampe lan maknane sajrone TR ing Pundhen Sumber Suka Dhusun Ngendut Kabupaten Jombang, (4) Kepriye fungsi TR tumrap masyarakat ing Dhusun Ngendut Kabupaten Jombang, (5) Kepriye nilai religius sajrone ngleksanani TR ing Pundhen Sumber Suka Dhusun Ngendut Kabupaten Jombang?, (6) Kepriye owah-owahan sajrone TR ing Pundhen Sumber Suka Dhusun Ngendut Kabupaten Jombang?
Kanggo ngoceki masalah kang dadi punjere panliten, digunakake teori lan konsep kang cundhuk karo masalah kang bakal dionceki. Panliten iki kalebu panliten folklor. Metodhe kang digunakake ing panliten iki, yaiku metodhe dheskriptif kualitatif. Sumber dhata kang ana sajrone panliten TR iki kaperang dadi loro, yaiku sumber dhata primer lan sekunder. Sumber dhata primer yaiku para informan kang mangerteni TR, dene sumber dhata sekunder yaiku arupa dhata saka informan tambahan, gambar dhokumentasi lan cathetan lapangan. Dhata kang diklumpukake awujud tetembungan, ukara, wacana, lan gambar.
Asile panliten iki nuduhake yen TR nduweni salah sawijine tatalakune adicara: Rapat Dhusun, Reresik Pundhen, Tahlilan, Tirakatan, Bancakan, Wayangan Krucil. Hiburan ing kene ana pagelaran wayangan kulit lan campursari. Ubarampe panjangkepe ing adicara kang digunakake sajrone TR, yaiku; ambeng (tumpeng), jenang putih, jenang abang, , ingkung, kembang, pala pendhem lan sapanunggalane.
Tembung-tembung wigati: nilai religi, tradhisi ruwatan
Downloads
Downloads
Published
How to Cite
Issue
Section

