MAKSIM KERJASAMA KUALITAS SAJRONE PACATURAN LAWAKAN PERCIL CS ING PAGELARAN WAYANG (TINTINGAN PRAGMATIK)
DOI:
https://doi.org/10.26740/job.v9n4.p%25pAbstract
Abstrak
Percil Cs nduweni titikan anggone nglawak, yaiku saliyane kanggo gegojegan supaya panontone gumuyu lan kalipur, nanging uga kanggo ngandharake pesen moral lan agama. Supaya pacaturan lawakan kang diandharake cetha, gampang ditampa lan dingerteni dening mitra tuture, Percil Cs migunakake prinsip kerjasama Grice kang mligi ing maksim kualitase. Kanggo nuwuhake surasa lucu sajrone tuturane, Percil Cs banjur nerak prinsip kerjasama kualitas kang sinebut panyimpangan maksim kualitas. Panliten iki ngrembug (1) Wujud lan titikane maksim kualitas sajrone PLPC ing pagelaran wayang, (2) Panyimpangane maksim kualitas sajrone PLPC ing pagelaran wayang, (3) tema kang dadi dhasar PLPC ing pagelaran wayang.
Ancase panliten iki yaiku ngandharake ujud lan titikane maksim kualitas sajrone PLPC ing pagelaran wayang, panyimpangane maksim kualitas sajrone PLPC ing pagelaran wayang, tema kang dadi dhasar PLPC ing pagelaran wayang. Paedah panliten iki, yaiku diajab bisa menehi paedah tumrap panliti, bisa kanggo nambah kawruh ngenani wujud lan panyimpangan prinsip kerja sama, mligine ing maksim kualitas. Tumrap pamaca, supaya bisa menehi wawasan ngenani ilmu basa mligine ngenani pragmatik. Lan supaya bisa nggampangake anggone nyinaoni bab prinsip kerja sama mligine ing wujud maksim kualitas lan panyimpangane maksim kualitas.
Teori sing digunakake sajrone panliten iki yaiku prinsip kerjasama dening Grice lan pigunane tindak tutur miturut Searle kang diperang dadi lima yaiku tindak asertif, dhirektif, ekspresif, komisif, lan deklaratif. Sarta tata-cara anggone nuwuhake lawakan migunakake basa miturut Berger yaiku nuturake pasemon, plesedan, lan nuturake bab kang ndadekake salah tampa.
Panliten iki migunakake panliten kualitatif, metodhe dheskriptif. Panliti ngumpulake dhata migunakake teknik nyemak bebas libat cakap lan teknik nyathet. Dene instrumen panlitene yaiku panliti, leptop, lan piranti kanggo nyathet. Dhata kang dijupuk arupa tetembungan lisan saka pacaturan Percil Cs sajrone vidheo ing you tube.
Asile panliten iki yaiku lawakan Percil Cs migunakake teori prinsip kerjasama kang munjer ing wujude tuturan kang laras marang maksim kualitas lan panyimpangane maksim kualitas. Wujude tuturan Percil Cs kang laras marang maksim kualitas adhedhasar fungsi tuturan yaiku tindak asertif awujud tuturan ngandharake lan tuturan negesake. Tindak dhirektif awujud tuturan pangarep-arep, sarta tindak ekspresif awujud tuturan umuk. Wujude tuturan Percil Cs kang nyimpang saka maksim kualitas adhedhasar fungsi tuturan ana tindak ekspresif, awujud tuturan nglawak. Tuturan nglawak kasebut uga migunakake sawernane cara kanggo nuwuhake surasa lucu, yaiku kanthi mlesedake tuturan (teges, tembung, lan swara), nuturake pasemon, sarta nuturake samubarang kang ndadekake salah tampa.
Tembung wigati: maksim kualitas, pragmatik, lawakan Percil Cs.
Downloads
Downloads
Published
How to Cite
Issue
Section

